Headliine

Khutbah Jum'at - Bahasa Jawa: 3 Piweling Kanjeng Rasul Kangge Nggayuh Kaslametan Gesang



LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 6 November 2026

KHOTBAH KAPISAN

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ فَتَحَ بَابَ التَّوْبَةِ لِلْمُذْنِبِيْنَ، وَوَعَدَ بِحُسْنِ الْعَاقِبَةِ لِلصَّادِقِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَخَلِيْلُهُ إِمَامُ الْمُتَّقِيْنَ، وَقَائِدُ الْغُرِّ الْمُحَجَّلِيْنَ، صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ وَبَارَكَ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ:

وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ إِلَىٰ مَا مَتَّعْنَا بِهِ أَزْوَاجًا مِنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا لِنَفْتِنَهُمْ فِيهِ ۚ وَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Langkung rumiyin khotib ngaturaken wasiat dhumateng kita sedaya, mliginipun dhumateng pribadi khatib piyambak, supados tansah ngundhakake takwa saha iman dhumateng Allah SWT, kanthi nglampahi sedaya kuwajiban saha nebihi sedaya laranganipun Allah ing saben kawontenan. Saking sahabat Uqbah bin Amir radhiyallahu ‘anhu, piyambakipun nate matur bilih piyambakipun nyuwun pirsa dhumateng Rasulullah SAW:

“Dhuh Rasulullah, punapa ingkang dados margi kaslametan?” Rasulullah SAW lajeng paring wangsulan:

أَمْسِكْ عَلَيْكَ لِسَانَكَ، وَلْيَسَعْكَ بَيْتُكَ، وَابْكِ عَلَى خَطِيْئَتِكَ

Tegesipun: “Mugi panjenengan tansah njagi lisan, betah wonten ing griya, saha tansah eling lan nyeseli dosa-dosa.” Pitaken ingkang dipunaturaken dening sahabat Uqbah bin Amir menika medal saking semangatipun ingkang ageng kangge ngupadi kabecikan saha kawigatosanipun ingkang luhur kangge ngambah margi kaslametan, ing donya saha ing akhirat.

Menika minangka sipatipun tiyang ingkang cerdas saha gadhah akal sehat, inggih punika tiyang ingkang saged mangertosi hakikat gesang ing donya ingkang namung sauntawis saha gesang akhirat ingkang langgeng.

Sipat luhuripun para tiyang menika dipungambaraken dening satunggaling pujangga lumantar syairipun:

إِنَّ لِلّٰهِ عِبَـــادًا فُطَنًــا طَلَّقُوا الدُّنْيَا وَخَافُوا الْفِتَنَا نَظَرُوْا فِيْهَا فَلَمَّا عَلِمُوْا

أَنَّـهَا لَيْسَـتْ لِحَيٍّ وَطَنَــا جَعَلُوْهَا لُـجَّةً وَاتَّخَذُوْا صَالِحَ الْأَعْمَالِ فِيْهَا سُفُنَا

Tegesipun: “Satemenipun Allah kagungan para kawula ingkang wasis saha cerdas. Para kawula menika nilar pesona donya amargi ajrih dhumateng fitnahipun. Para kawula menika niteni saha mikiraken hakikatipun donya. Nalika sampun mangertos bilih donya menika sanes papan padunungan ingkang langgeng tumrap makhluk ingkang gesang, donya dipunumpamakaken kados samudra ingkang ombakipun ageng, dene amal-amal saleh dipundadosaken kapal kangge nggayuh kaslametan.” Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Lumantar hadis menika, Kanjeng Rasulullah SAW maringi piweling babagan tigang dhasar utami kangge nggayuh kaslametan. Sintena kemawon ingkang saged nglampahi tigang piweling menika, insya Allah badhe pikantuk drajat kamulyan. Kosokwangsulipun, sintena ingkang nglirwakaken, saged kecemplung ing pakurmatan ingkang awon saha kawontenan ingkang hino. Pramila, sumangga kita sami ngraosaken saha 

ngrenungaken tigang prakawis ingkang dipunwasiataken dening Kanjeng Nabi SAW wonten ing hadis menika. Piweling kapisan: njagi lisan

Sabdanipun Kanjeng Nabi SAW, “Jagi lisan panjenengan,” minangka dhawuh supados kita saged ngendhaleni pangandikan saha boten migunakaken ilat kajawi kangge perkawis ingkang sae.

Kathah sanget dalil saking Al-Qur’an saha hadis ingkang nyurung kita supados njagi ilat, saha paring pepenget babagan bebayan ingkang saged kadadosan menawi tiyang boten saged ngendhaleni pangandikanipun.

Tiyang ingkang gadhah akal badhe ndadosaken meneng minangka sarana kangge njagi agaminipun.

Kanjeng Nabi SAW ngendika:

عَلَيْكَ بِالصَّمْتِ إِلَّا مِنْ خَيْرٍ فَإِنَّهُ مَطْرَدَةٌ لِلشَّيْطَانِ عَنْكَ وَعَوْنٌ لَكَ عَلَى أَمْرِ دِيْنِكَ

“Panjenengan kedah langkung kathah meneng, kajawi menawi badhe ngandharaken perkawis ingkang sae. Amargi kathah meneng menika saged ngusir setan saking panjenengan saha dados pitulungan tumrap perkawis agami panjenengan.”

Menawi satunggaling kawula sampun gadhah keyakinan bilih saben pangandikanipun badhe dipuncathet wonten ing lembaran amal, sampun sakmesthinipun piyambakipun kanthi temen-temen njagi ilatipun saha boten migunakaken kajawi kangge kabecikan.

Allah SWT paring pepenget wonten ing firmanipun:

مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ

“Boten wonten satunggal tembung ingkang dipunucapaken, kajawi wonten malaikat ingkang ngawasi saha tansah siyaga nyathet.” (QS Qaf: 18)

Raqib saha Atid menika kalih malaikat ingkang mulya, ingkang pikantuk tugas nyathet sedaya pangandikanipun manungsa wonten ing kitab cathetan amal, ingkang ing tembe badhe dipunparingaken dhumateng saben kawula ing dinten kiamat.

Allah SWT nggambaraken dahsyatipun kedadosan menika wonten ing firmanipun:

وَوُضِعَ الْكِتَابُ فَتَرَى الْمُجْرِمِينَ مُشْفِقِينَ مِمَّا فِيهِ وَيَقُولُونَ يَا وَيْلَتَنَا مَالِ هَٰذَا الْكِتَابِ لَا يُغَادِرُ صَغِيرَةً وَلَا كَبِيرَةً إِلَّا أَحْصَاهَا ۚ وَوَجَدُوا مَا عَمِلُوا حَاضِرًا ۗ وَلَا يَظْلِمُ رَبُّكَ أَحَدًا

“Lan kitab cathetan amal dipunpasrahaken, lajeng panjenengan badhe ningali tiyang-tiyang ingkang dosa sami ajrih sanget dhumateng sedaya ingkang wonten ing kitab menika. Para tiyang menika matur, ‘Aduh cilakanipun kawula, kitab punapa menika, boten nilar perkawis ingkang alit utawi ingkang ageng kajawi sedaya sampun dipuncathet.’ Para tiyang menika manggihaken sedaya ingkang sampun dipunlampahi wonten ing ngarsanipun. Lan Pangeran panjenengan boten badhe nganiaya sinten kemawon.” Mekaten ugi Allah SWT ngendika wonten ing Surah Al-Jatsiyah.

هَٰذَا كِتَابُنَا يَنْطِقُ عَلَيْكُمْ بِالْحَقِّ ۚ إِنَّا كُنَّا نَسْتَنْسِخُ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ

“Menika kitab cathetan amal Kami ingkang nyariosaken 

dhumateng panjenengan kanthi leres. Satemenipun Kami sampun dhawuh nyathet sedaya ingkang sampun panjenengan tindakaken.”

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Imam At-Thabarani meriwayataken bilih sahabat Abdullah bin Mas'ud radhiyallahu ‘anhu nate minggah Bukit Shafa. Salajengipun piyambakipun nyepeng ilatipun piyambak, lajeng dipunucalaken, sarta ngendika:

يَا لِسَانُ قُلْ خَيْرًا تَغْنَمْ وَاسْكُتْ عَنْ شَرٍّ تَسْلَمْ مِنْ قَبْلِ أَنْ تَنْدَمَ إِنِّي سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ: أَكْثَرُ خَطَايَا ابْنِ آدَمَ مِنْ لِسَانِهِ

Tegesipun: “Dhuh ilat, ngandharana perkawis ingkang sae, mesthi panjenengan badhe pikantuk kabegjan. Menenga saking perkawis ingkang awon, mesthi panjenengan badhe slamet sadèrèngipun nyesel. Amargi satemenipun kawula sampun mireng Kanjeng Rasulullah SAW ngendika: ‘Kathah-kathahipun kalepatanipun anak Adam menika saking ilatipun.’”

Amargi agengipun bebaya ingkang medal saking ilat, sampun dados kuwajiban tumrap saben tiyang Muslim ingkang gadhah akal supados tansah ngati-ati saha milah-milah saben pangandikan.

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Piweling kaping kalih: nglampahi sipat qanaah

Piweling kaping kalih inggih menika mbiasakaken sipat qanaah. Sabdanipun Kanjeng Rasulullah SAW, “Mugi griya panjenengan saged ndadosaken panjenengan ngrasa cekap,” ngemot piweling supados kita nyibukaken dhiri kanthi perkawis ingkang migunani, mliginipun ngibadah dhumateng Allah SWT, saha mbatesi dhiri saking pasrawungan ingkang boten ndadosaken kemaslahatan.

Piweling menika ugi ngemu wigatosipun sipat qanaah, inggih menika saged ngrasa cekap saha nampi kanthi legawa sedaya peparing ingkang sampun dipunparingaken dening Allah SWT.

Menawi sipat qanaah sampun tuwuh wonten ing manahipun satunggaling tiyang, manahipun badhe dados tentrem. Piyambakipun badhe langkung fokus dhumateng perkawis ingkang migunani saha ridha dhumateng sedaya ketetapan Allah SWT, ing babagan rejeki, anak, bandha, papan padunungan, saha jodho.

Piyambakipun ugi badhe njagi jarak saking pasrawungan ingkang boten maringi pengaruh sae tumrap dhirinipun utawi tiyang sanes.

Nanging menawi wonten ing tengahing masyarakat saged maringi manfaat, mila nyawiji kaliyan masyarakat kangge mbiyantu kabutuhan kaum Muslimin, maringi pitedah, saha nglaksanani amar makruf nahi mungkar, menika dados papan pikantukipun pahala ingkang ageng. Kanjeng Nabi SAW ngendika:

المُؤْمِنُ الَّذِي يُخَالِطُ النَّاسَ وَيَصْبِرُ عَلَى أَذَاهُمْ خَيْرٌ مِنَ الْمُؤْمِنِ الَّذِي لَا يُخَالِطُ النَّاسَ وَلَا يَصْبِرُ عَلَى أَذَاهُمْ

Tegesipun: “Tiyang mukmin ingkang sesrawungan kaliyan manungsa saha sabar ngadhepi gangguanipun, langkung sae tinimbang tiyang mukmin ingkang boten sesrawungan kaliyan manungsa saha boten sabar ngadhepi gangguanipun.” Wonten ing satunggaling hadis dhaif dipunriwayataken:

القَنَاعَةُ كَنْزٌ لَا يَفْنَى

Tegesipun: “Qanaah menika minangka bandha simpenan ingkang boten badhe sirna.”

Wonten satunggaling pujangga ingkang ngandharaken piweling lumantar syairipun:

هِيَ الْقَنَـاعَةُ فَالْزَمْهَـا تَكُنْ مَلِكًا لَوْ لَـمْ يَكُـنْ لَكَ إِلَّا رَاحَةُ الْبَدَنِ

وَانْظُرْ إِلَى مَنْ حَوَى الدُّنْيَا بِأَجْمَعِهَا هَلْ رَاحَ مِنْهَا بِغَيْرِ الْقُطْنِ وَالْكَفَنِ

Tegesipun: “Sipat qanaah menika, cekelana kanthi kiyat, mesthi panjenengan kados raja, sanajan ing wekdal menika panjenengan boten gadhah menapa-menapa kajawi kasarasaning badan. Delengen tiyang-tiyang ingkang sampun nguwaosi bandha donya kanthi sedaya, nalika ajalipun dumugi, punapa wonten ingkang dipunbekta kajawi kapas saha kain kafan?”

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Saestu ndadosaken prihatin kawontenan gesang ing jaman samenika, nalika kathah manungsa wiwit kelangan sipat qanaah.

Sawetawis tiyang sampun kulina kaliyan pola gesang mewah saha maneka warni fasilitas ingkang serba wonten. Nanging nalika roda gesang malih saha kawontenan ekonomi berubah, piyambakipun kesah anggenipun nampi kawontenan menika.

Malah boten sekedhik ingkang pungkasane nerak wates-wates syariat kanthi ngupadi rejeki lumantar cara-cara ingkang dipunharamaken.

Padahal, menawi sipat qanaah sampun tinancep wonten ing manah, satunggaling tiyang badhe langkung kiyat ngadhepi owah-owahan kawontenan gesang kanthi sabar saha tetep nyepeng paugeran agama. Wonten ing kitab Gharib al-Hadits anggitanipun Ibnu al-Jauzi, kasebat bilih Sayyidina Umar radhiyallahu ‘anhu nate maringi piweling:

اِخْشَوْشِنُوْا وَتَمَعْدَدُوْا

Tegesipun:  “Padha gesanga kanthi prasaja lan tiru gaya gesangipun Ma’add.” Tegesipun, kita dipunwulang supados kulina nglampahi gesang kanthi prasaja, amargi kasenengan donya menika boten langgeng.

Dene ukara “gaya gesangipun Ma’add” ngrujuk dhumateng Ma’add bin Adnan, salah satunggaling leluhur Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang misuwur kanthi gesang prasaja, sederhana, gadhah semangat nyambut damel ingkang inggil, saha kulina ngadhepi maneka kawontenan ingkang angel.

Piweling kaping tiga: enggal tobat saking dosa

Piweling pungkasan saking Kanjeng Rasulullah SAW, “Tangisana dosa-dosa panjenengan,” nuduhaken wigatosipun raos getun tumrap kalepatan ingkang sampun dipuntindakaken.

Raos getun menika salah satunggaling unsur ingkang paling dhasar wonten ing tobat.

Kanjeng Nabi SAW ngendika:

النَّدَمُ تَوْبَةٌ

“Getun menika hakikatipun tobat.”

Raos getun ingkang tulus badhe ndadosaken manahipun kawula enggal nilar tumindak dosa saha nandur tekad ingkang kiyat supados boten mbaleni malih ing tembe wingking.

Tigang perkawis, inggih menika nyeseli dosa, nilar tumindak maksiat, saha gadhah tekad boten mbaleni malih, menika minangka syarat utama tobatipun kawula dhumateng Allah SWT.

Nanging menawi dosa ingkang dipuntindakaken gegayutan kaliyan hakipun sesami, wonten syarat tambahan, inggih menika mbalekaken hak dhumateng ingkang kagungan, utawi nyuwun kerelaan saha pangapunten saking tiyang ingkang dipunrugèkaken. Kanjeng Rasulullah SAW ngendika:

كُلُّ ابْنِ آدَمَ خَطَّاءٌ وَخَيْرُ الْخَطَّائِيْنَ التَّوَّابُوْنَ

Tegesipun: “Saben anak turunipun Adam asring nindakaken kalepatan, lan saksae-saenipun tiyang ingkang kalepatan inggih menika tiyang ingkang tansah tobat.” Kanjeng Nabi SAW ugi ngendika:

المُؤْمِنُ وَاهٍ رَاقِعٌ وَالسَّعِيْدُ مَنْ هَلَكَ عَلَى رَقْعِهِ

“Tiyang mukmin menika kadhangkala rapuh lan dhawah ing dosa, nanging sasampunipun menika piyambakipun enggal ndandosi kanthi istighfar saha tobat. Dene tiyang ingkang pikantuk kabegjan inggih menika tiyang 

ingkang seda nalika sampun ndandosi kalepatanipun kanthi tobat.”

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mekaten tigang piweling Kanjeng Rasulullah SAW ingkang saged dados pandom tumrap kita sedaya kangge nggayuh kaslametan gesang, inggih menika njagi ilat, mbiasakaken sipat qanaah, saha enggal-enggal tobat saking sedaya dosa.

Mugi Allah SWT tansah maringi kita kemampuan kangge njagi ilat saking pangandikan ingkang awon, ngias dhiri kanthi sipat qanaah, saha nuntun kita tumuju tobat nasuha sadèrèngipun ajal dumugi.

Amin ya Rabbal ‘Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KAPINDHO

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Penyusun: Ust. Rohmanuddin, S.Pd. (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso

Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close