LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 9 Oktober 2026
Khutbah Kapisan
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ كَلِمَةَ التَّوْحِيدِ لِعِبَادِهِ حِرْزًا وَحِصْنًا. وَجَعَلَ الْبَيْتَ الْعَتِيقَ مَثَابَةً لِلنَّاسِ وَأَمْنًا. وَأَكْرَمَهُ بِالنَّسْبَةِ إِلَى نَفْسِهِ تَشْرِيفًا وَتَحَصِينًا وَمَنَّا وَجَعَلَ زِيَارَتَهُ وَالطَّوَافَ بِهِ حِجَابًا بَيْنَ الْعَبْدِ وَبَيْنَ الْعَذَابِ وَمِجْنًا أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَأَشْكُرُهُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ وَأَسْتَغْفِرُهُ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً خَالِصَةً تُنْجِيْنَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي خَصَّهُ بِالشَّفَاعَةِ اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نَبِيِّ الرَّحْمَةِ وَسَيِّدِ الْأُمَّةِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ قَادَةِ الْأَئِمَّةِ.أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.
Ayyuhal Hadlirun Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wonten ing dinten Jumat ingkang barokah punika, sumangga kita sami nambah raos takwa dhumateng Allah SWT. Salah setunggaling buktos takwa inggih punika kanthi njagi raos wirang (isin) dhumateng sesami manungsa punapa malih dhumateng Gusti Allah. Wonten ing kalodhangan punika, khatib badhe ngaturaken sesorah babagan awisan mbikak aib saha tumindak awon.
Mboten wonten manungsa ingkang suci sarta mboten kagungan cela, aib, utawi kekirangan. Menawi kita manggihi sesami manungsa ingkang sae, nanging taksih kepireng kekiranganipun, menika tegesipun taksih dipun rahmati dening Allah SWT. Rahasianipun dipun simpen rapet déning Gusti Pengeran. Nanging, punapa sesembahan utawi kewajiban kita menawi sampun uninga bilih manungsa menika asipat cupet lan kebak kekirangan?
Kanjeng Nabi SAW sampun ngingetaken kita sedaya supados mboten gumunggung utawi bangga dhumateng dusa ingkang sampun dipun lampahi. Kekirangan menika sampun ngantos dipun critakaken dhumateng sesami, punapa malih dhumateng anak, putu, saha kulawarga kanthi raos bombong utawi bangga. Sampun ngantos kita malah ngumbar kekirangan utawi kelepatan raga piyambak dhumateng tiyang sanes. Kanjeng Nabi SAW dawuh:
كُلُّ أُمَّتِي مُعَافَى إِلَّا الْمُجَاهِرِينَ وَإِنَّ مِنَ الْمُجَاهِرَةِ أَنْ يَعْمَلَ الرَّجُلُ بِاللَّيْلِ عَمَلًا ثُمَّ يُصْبِحَ وَقَدْ سَتَرَهُ اللهُ عَلَيْهِ فَيَقُولُ يَا فُلَانُ، عَمِلْتُ الْبَارِحَةَ كَذَا وَكَذَا وَقَدْ بَاتَ يَسْتُرُهُ رَبُّهُ وَيُصْبِحَ يَكْشِفُ سِتْرَ اللهِ عَنْهُ.
"Sedaya umat kulo badhe dipun apunten dusanipun, kejawi tiyang-tiyang ingkang nglampahi dusa kanthi terang-terangan. Lan sak temene kalebet nglampahi dusa kanthi terang-terangan inggih punika, wonten tiyang ingkang nglampahi tumindak maksiat ing wedal wanci wengi, nanging nalika wanci enjing piyambakipun lajeng cariyos: 'Hé Fulan, kala wingi wengi aku bar nglampahi iki lan iku'. Mila saleresipun wanci wengi dusa wau sampun dipun tutupi déning Gusti Allah, nanging wanci enjing piyambakipun malah mbikak tutupanipun Gusti Allah saking raganipun piyambak."
Poro jamaah ingkang dirahmati dening Allah, salajengipun Allah SWT ugi sampun ngendikaaken
babagan anceman tumrap tiyang ingkang remen nyebaraken utawi mbikak aib lan tumindak awon ing antawisipun sesami, inggih punika wonten ing Surat An-Nur ayat 19:
إِنَّ الَّذِينَ يُحِبُّونَ أَنْ تَشِيعَ الْفَاحِشَةُ فِي الَّذِينَ آمَنُوا لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
"Satemene wong-wong sing seneng menawi nyebare tumindak ala (aib) ing antarane wong-wong sing padha iman, mula bakal tampa siksa sing pedhes ing donya lan akhirat. Lan Gusti Allah pirsa, dene kabeh padha ora weruh."
Ayat lan hadis kasebat nedahaken bilih agami kita tansah njagi kehormatan saha martabatipun sesami muslim, supados boten gampang mbikak utawi nyebaraken kekirangan lan aib, sae aibipun piyambak punapa malih aibipun tiyang sanes dhateng pundi-pundi.
Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi kekiyatan saha taufik déning Allah SWT, supados mboten kalebet golongan manungsa ingkang remen ngumbar aib lan dusa piyambak, langkung-langkung aibipun tiyang sanes. Amin ya rabbal alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنَّى وَمِنْكُمْ تِلَا وَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِينَ وَيَا نَجَاةَ الثَّائِبِينَ.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أَوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةُ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar