Headliine

Khutbah Jum'at - Bahasa Jawa: Gampilaken Urusan Sesami



LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 9 Oktober 2026

KHOTBAH KAPISAN

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَك الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.أَمَّا بَعْدُ، 

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ:يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah Jumat ingkang minulya, rahimakumullah.

Sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kanugrahan, kasarasan, saha wekdal, satemah kita saged makempal wonten ing papan ingkang minulya punika kangge nglampahi shalat Jumat kanthi kebak iman saha takwa.

Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kulawarga, para sahabat, saha sedaya umatipun ingkang setya ngugemi tuntunanipun dumugi dinten kiamat.

Salajengipun, khatib ngaturaken wasiat dhumateng kita sedaya, mliginipun dhumateng pribadi khatib piyambak, sumangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah SWT kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun.

Jamaah Jumat ingkang dipunmulyakaken Allah.

Wonten ing kalodhangan menika, khatib badhe ngaturaken khutbah kanthi irah-irahan: Nggampilaken Urusanipun Tiyang Sanès, Margi Tumrap Pikantuk Ridhanipun Allah SWT.

Kita asring mireng unen-unen, bilih manawi gesang kita kepengin dipungampilaken, mila kita kedah mbiyantu nggampilaken urusanipun tiyang sanès. Unen-unen menika boten namung tetembungan limrah, nanging jumbuh kaliyan piwulangipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Rasulullah SAW ngendika wonten ing hadits ingkang dipunriwayataken dening Imam Muslim saking Abu Hurairah RA:

مَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ يَسَّرَ اللَّهُ عَلَيْهِ فِى الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ

Tegesipun: “Sintena ingkang nggampilaken tiyang ingkang saweg nandhang kasusahan, Allah badhe nggampilaken urusanipun wonten ing donya saha akhirat.” (HR Muslim).

Saking hadits menika, kita saged mendhet piwulang bilih mbiyantu tiyang sanès ingkang saweg nandhang kasusahan punika kalebet amal ingkang ageng ganjaranipun. Allah SWT badhe paring piwales awujud gampilipun maneka warni urusan kita, wonten ing donya menapa dene wonten ing akhirat.

Pramila, kita boten kedah rumaos eman utawi wegah nalika wonten tiyang sanès ingkang nyuwun pitulungan, salebetipun pitulungan menika saged kita tindakaken lan boten nerak syariatipun agama.

Jamaah Jumat rahimakumullah.

Ingkang kedah kita gatosaken, nggampilaken urusanipun tiyang sanès kedah dipuntindakaken wonten ing perkawis ingkang sae. Boten sedaya panyuwunan kedah dipunturuti, mliginipun menawi panyuwunan menika tumuju dhateng tumindak dosa, tumindak awon, utawi ngrugekaken tiyang sanès.

Ojo ngremehaken kabecikan, sanadyan alit. Tuladhanipun, nata sandal wonten ing masjid supados para jamaah gampil nalika badhe wangsul. Menika ugi kalebet tumindak sae.

Makaten ugi nalika kita mbiyantu tangga ingkang nandhang kasusahan, paring pitulungan dhateng tiyang ingkang mbetahaken, utawi nggampilaken pakaryanipun tiyang sanès kanthi cara ingkang leres.

Tumrap tiyang ingkang gadhah kalenggahan, saged awujud damel kawicaksanan ingkang boten nyusahaken masyarakat. Tumrap tiyang ingkang nyambut damel, saged awujud nindakaken jejibahan kanthi jujur, tertib, saha boten damel rekasanipun tiyang sanès.

Pramila, kita boten kedah ngentosi dados tiyang sugih utawi gadhah kalenggahan ingkang inggil kangge nindakaken kabecikan. Saben tiyang gadhah kalodhangan kangge paring paedah dhateng sesami.

Allah SWT sampun paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an:

وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ وَلَا تَعَاوَنُوا عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ

Tegesipun: “Lan tulung-tinulungana sira kabeh ing babagan kabecikan lan takwa, lan aja tulung-tinulungan ing babagan dosa lan permusuhan. Lan padha taqwaha sira marang Allah, satemene Allah iku abot siksa-Nipun.” (QS Al-Ma'idah: 2).

Saking ayat menika, kita dipunwulang supados tansah tulung-tinulung wonten ing babagan kabecikan, sanes malah sesarengan nindakaken tumindak ingkang awon.

Tuladhanipun, mbiyantu tiyang ingkang kesusahan punika tumindak ingkang sae. Nanging, menawi wonten tiyang nyuwun pitulungan supados saged nindakaken tumindak curang, nyogok, utawi ngrugekaken tiyang sanès, mila kita boten kenging mbiyantu.

Pramila, nggampilaken urusanipun tiyang sanès kedah tansah dipunlandhesi niyat ingkang sae saha tetep wonten ing margi ingkang dipunridhoi Allah SWT.

Jamaah Jumat ingkang dipunmulyakaken Allah.

Gesang bebrayan menika kedah dipunisi kanthi raos tresna, welas asih, saha purun tetulung dhateng sesami. Menawi kita sumerep wonten tangga teparo ingkang nandhang kasusahan, sampun ngantos kita namung nyawang tanpa tumindak, menawi pancen kita saged paring pitulungan.

Pitulungan boten kedah awujud arta ingkang kathah. Kadhangkala, pitutur ingkang sae, pangandikan ingkang nyenengaken, paring wekdal kangge mirengaken keluh-kesahipun tiyang sanès, utawi mbiyantu pakaryan ingkang prasaja, saged ndadosaken kabingahan tumrap tiyang ingkang nampi.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendika wonten ing hadits ingkang dipunriwayataken dening Imam Thabrani saking Abdullah bin Umar RA:

أَحَبُّ الْعِبَادِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَنْفَعُ النَّاسِ لِلنَّاسِ، وَأَفْضَلُ الْأَعْمَالِ إِدْخَالُ السُّرُورِ عَلَى قَلْبِ الْمُؤْمِنِ

Tegesipun: “Kawulanipun Allah ingkang langkung dipuntresnani dening Allah Ta'ala inggih menika tiyang ingkang langkung kathah paring paedah dhateng sesami. Lan amal ingkang langkung utami inggih menika ndadosaken bingahipun manahipun tiyang mukmin.”

Mila saking menika, sumangga kita sami sinau dados tiyang ingkang migunani tumrap tiyang sanès. Sampun ngantos wontenipun kita malah dados margi tumrap rekasanipun tiyang sanès.

Menawi kita saged nggampilaken urusanipun tiyang sanès, sumangga kita tindakaken kanthi ikhlas, tanpa ngarep-arep piwales saking manungsa. Amargi piwales ingkang sejati asalipun saking Allah SWT.

Mugi-mugi kanthi amal kabecikan menika, Allah SWT tansah nggampilaken sedaya urusan kita, paring berkah ing gesang kita, saha paring kabegjan wonten ing donya lan akhirat.

Jamaah Jumat rahimakumullah.

Mekaten khutbah ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi kita sedaya saged nglampahi piwulangipun kanthi nyata, inggih menika tansah mbiyantu lan nggampilaken urusanipun tiyang sanès wonten ing babagan kabecikan.

Sumangga kita sami ndedonga dhumateng Allah SWT, mugi kita sedaya tansah kaparingan kasarasan, keberkahan, rejeki ingkang halal, saha gampil anggenipun nglampahi ibadah lan amal kabecikan. Mugi kulawarga kita sedaya dipunreksa saking sedaya perkawis ingkang awon, saha dipunparingi kabegjan wonten ing donya lan akhirat. Amin ya Rabbal 'alamin.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

فَاعْتَبِرُوْا يَا أُوْلِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

KHOTBAH KAPINDHO

الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.

فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، أَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، 

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ:

وَالْعَصْرِ ۝ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ ۝ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.

إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُونَ وَالْأَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ، عَنْ بَلَدِنَا هَذَا إِنْدُونِيسِيَّا خَاصَّةً، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ.

وَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Penyusun: Ust. Rohmanuddin, S.Pd. (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.

Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close