Headliine

Khutbah Jum'at - Bahasa Jawa: Totokromo Bebrayan Tumuju Tresnaning Gusti


LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 11 September 2026

Khutbah Kapisan

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ المَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الرَّجْفَةِ وَالرَّجْفَانِ. أَمَّا بَعْدُ،

 فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ الرَّحِمكُمُ اللَّهُ، اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jum’at ingkang insya Allah dipun rohmati deneng Allah Swt.

Wonten ing kalodhangan siang menika, langkung rumiyin manggo kito sami ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Ta'ala, awit saking rahmat lan hidayah-ipun kita sedaya taksih dipunparingi kasarasan lan kalodhangan saengga saged makempal ing masjid menika kaginakaken nindakaken kewajiban shalat Jum'at meniko.

Allah sampun paring pidhawuh wonten ing Al-Qur'an Surat Ali 'Imran ayat 133-134, ingkang nggambaraken ciri-ciri tiyang ingkang bertaqwa lan dipuntresnani dening Allah:

وَسَارِعُوۡا اِلٰى مَغۡفِرَةٍ مِّنۡ رَّبِّكُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا السَّمٰوَاتُ وَالۡاَرۡضُ ۙ اُعۡدَّتۡ لِلۡمُتَّقِيۡنَ ۙ الَّذِيۡنَ يُنۡفِقُوۡنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالۡكَاظِمِيۡنَ الۡغَيۡظَ وَالۡعَافِيۡنَ عَنِ النَّاسِ‌ؕ وَاللَّهُ يُحِبُّ الۡمُحۡسِنِيۡنَ‌

Artosipun: "Lan padho cepet-cepetan siro marang pampuraning Pangeranmu lan marang swargo sing ambane jembare langit lan bumi sing den sediakake kanggo wong-wong sing taqwo marang Allah ta'ala yoiku wong-wong sing infak ing wektu longgar utawa rupek lan wong-wong sing nahan roso nesu lan ngapuro ing luputing wong liyo Lan Allah remen marang wong-wong sing agawe kabecikan."

Jamaah Jum’at ingkang minulyo

Saking ayat kasebat, cetho pertelo bilih agami Islam sanget mligiaken masalah budi pekerti lan coro sesrawungan ingkang sae. Ing salebeting pitedah agama, kasebataken babagan khoslatani (wonten kalih perkoro utawi sifat) ingkang menawi dipun gadhahi dening satunggaling tiyang, badhe narik katresnan saking ngersanipun Allah, ugi wonten ngersanipun utusanipun Allah, saha sedaya sesami manungso.

Ing antawiaipun Kholastani  puniko Sifat Al-hilmu wal-anāt (ateges sifat santun lan tenang/mboten kesusu) tyang ingkang ngadahi kaleh sifat puniko badhe ndadosaken satunggaling tiyang dipuntresnani dening Allah lan Rasul-ipun.

 Saklajengipun tumindak fi'lul khair wa kafful adzā (ateges nindakaken kabecikan lan nahan dhiri saking nglarani tiyang sanes) tyang ingkang ngadahi kalih sifat kasebat badhe ndadosaken satunggaling tiyang dipuntresnani dening Allah lan sedaya manungsa.

Jamaah Jum’at ingkang minulyo

menawi dipunrinci miturut papan lan sesrawungan kita sadinten-dinten, wonten pinten-pinten sifat utama supados kito dipuntresnani dening maneka warni kalangan:

Ing antawisipun :

Sifat Taqwo lan husnul khuluq dados jalaran dipuntresnani dening Allah.

Sifat Sakhāwath lan badzlul ma'rūf (sifat dermawan lan asring maringi kabecikan) badhe ndadosaken tiyang dipuntresnani dening masarakat umum.

Sifat Badzlul juhdi wa līnul jānib (ateges temen nyambut damel/sinau lan asor manah/lembut) badhe dipuntresnani dening para murid utawi sesama.

Sifat Luthful mu'amalah wa tafahhumu musykilātihِ (ateges alus ing tumindak lan mangertosi masalah kulawarga) dados kunci katresnan wonten ing satunggaling omah-omah (keluarga).

Sifat Al-basāsyah wa karamul mu'amalah (ateges pasuryan ingkang sumringah/manis lan mulya ing tatakrama) badhe ndadosaken tetangga remen lan tresna.

Sifat Sur'atul fahmi 'anhum wa tōfīrul ihtirāmi lahum (ateges gampil mangertos lan ngetrapaken pakurmatan ingkang ageng) ugi badhe narik katresnan saking para guru utawi asatidz.

Sifat Jamīlu thō'ati lahum wa itqānu 'amalihim (ateges setyo taat lan tuntas ing pagawean) badhe ndadosaken dipuntresnani dening para pimpinan utawi atasan.

ingkang pungkasan enggeh meniko sifat tadzakkuru ma'rūfihim wa nisyānu isā'atihim (ateges gampil ngeling-eling kesaenan kanco lan supe dhateng kalpatanipun) badhe ngraketaken katresnan antawisipun sesama kanca utawi sadherek.

Pramilo manggo kito dipun toto manah lan solah bowo kito, kito lampahi pitutur luhur menika, supados gesang kita tansah pinaringan berkah lan katresnan saking Gusti Allah SWT lan sedaya titahipun.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِينَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.

Khotbah Kapindho

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْداً كَثِيراً كَمَا أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الخَلَائِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيماً كَثِيراً.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً.

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالوَبَاءَ وَالغَلَاءَ وَالمِحَنَ، وَسُوءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيسِيَا خَاصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً، يَا رَبَّ العَالَمِينَ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.

Penyusun: Ust. Rohmanuddin, S.Pd. (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)\
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close