Headliine

Khutbah Jum'at - Bahasa Jawa: Tigang Perkawis Kautaman Gesang



LTN MWC NU Margoyoso

Khutbah Jum'at - Edisi: 4 September 2026

Khutbah Kapisan

الْحَمْدُ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ.

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.أَمَّا بَعْدُ، 

فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.

قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

Ma’asyirol Muslimin Hadirin Sidang Jamaah Jum'at ingkang Minulyo...

Sumanggo kulo aturi lan ngajak dhumateng dhiri pribadi lan panjenengan sedaya, tansah ngluhuraken raos puji syukur awit saking sih wilasanipun. Satemah ing siyang menika, wonten ing kesempatan ingkang kebak berkah menika,  kito taksih pinaringan kasehatan, kalodhangan, soho hidayah saged makempal wonten ing masjid menika kanthi wilujeng nir ing sambikolo, saged nindakaken kewajiban shalat Jumah kanthi berjamaah.

Shalawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, soho dhumateng keluarganipun, para sahabatipun, dumugi sedaya umatipun ing akhir zaman.

Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan umat ingkang angsal syafaatipun benjang ing yaumul qiyamah. Amin.

Sidang Jamaah Jum'at ingkang Minulyo...

Wonten ing kalodhangan menika, khatib badhé ngaturaken sesuluh utawi pituduh kautaman gesang, ingkang dipunpendhet saking pituduh para ulama: ثَلاَثَةٌ وَثَلاَثَةٌ (Tigang prakawis lan tigang prakawis).

Ingkang sepisan, wonten tigang perkawis ingkang wajib dipunkendaleni, inggih menika : ingkang kapisan لِسَان (lisan utawi tutuk), supados tansah dipun rekso lan boten gampang nglarani tiyang sanès. 

Kados ingkang dipunandharaken, lisan menika landhepe ngungkuli pedhang, pramila kedah dipunlatih wicara ingkang saé utawi langkung sekeco meneng manawi boten wonten guna kadonyan.Kaping kaleh غَضَب (emosi utawi nesu), supados saged dipuntahan amargi nesu menika saking setan lan saged ngrusak brayat. Tiyang ingkang sejati menang inggih menika tiyang ingkang saged ngendaleni nesunipun nalika pinuju duka.

Saha ingkang kaping tigo نَفْس (hawa nafsu), supados gesang kita boten kasebar déning pepenginan ingkang murka ingkang namung ngeksploitasi kasenengan dunya kemawon.

Ingkang kapindho, wonten tigang perkawis ingkang wajib dipuntebihi utawi dipun-endohi, inggih menika:

Kaping sepisan شَرّ (tumindak awon utawi kejahatan dhumateng sesami), awit tumindak niki badhe nuwuhake karusakan sarta adoh saking rahmatipun Gusti Allah.

Ongko kalih حِقْد (roso gething utawi dendam ingkang kesimpen ing lebeting ati), ingkang namung badhe nyiksa batin piyambak sadurunge ngerasake liyan.

Saha ingkang pungkasan enggih meniko حَسَد (sifat iri saha drengki ningali kabegjaning liyan). Ati ingkang kebak rasa gething lan iri badhé ngrusak amal kesaenan kados déné geni mangan kayu garing.

Sidang Jamaah Jum'at ingkang Minulyo...

Ingkang kaping tiga, wonten tigang perkawis ingkang kedah dipunsirnakaken saking dhiri pribadi, inggih meniko: Kaping setunggale كَسَل (rasa kesed utawi kemajon ingkang ndadosaken tiyang katinggalan ing samudyane), jalaran kesed menika dados lawang utami kamlaratan. Ingkang kaping kaleh فَوْضَى (tegese tumindak semrawut lan boten nggatosaken tatanan disiplin), ingkang nggawe sadaya pakaryan dadi ora terarah.

Soho ingkang kaping tigone nggeh meniko إِهْمَال (sikap sembrano lan gampang ngremehake jejibahan utawi amanah), amargi tiyang ingkang gampil ngremehake amanah badhe kelangan kapitadosan saking sesami.

Sidang Jamaah Jum'at ingkang Minulyo...

Mugi-mugi pituduh menika saged dados tenger saha tatanan batin kita sedaya, supados tansah emut lan waspada ing lampahing gesang sadinten-dinten, sarta pinaringan kekuatan nindakaken kabecikan.

Khutbah Kapindho

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.

الحَمْدُ لِلَّهِ حَمْداً كَثِيراً كَمَا أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِقْرَاراً بِهِ وَرَبُوبِيَّةً وَرَغْماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الخَلَائِقِ وَالبَشَرِ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِخَبَرٍ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيماً: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالوَبَاءَ وَالفَحْشَاءَ وَالمُنْكَرَ وَالبَغْيَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Penyusun: Ust. Rohmanuddin, S.Pd. (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)\
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close