LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 18 September 2026
Khutbah Kapisan
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ المَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى المَعْبُودِ بِالْبُرْهَانِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ وَالْعِرْفَانِ. أَشْهدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ الرَّحِمكم اللهُ، أُوْصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.
Hadirin Sidang Jamaah Jum'ah ingkang minulyo
Sumanggo ing swasano siyang menika, khotib ngajak lan ngenggetaken dateng pribadi khotib piyambak ugi sumrambah dateng panjenengan sedayo monggo samio netepi laku taqwo kito dateng ngerso dalem Allah swt, purwa madya purwakaning atur sumonggo tansah ngunjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Awit saking luberipun rahmat, taufik, saha hidayah-Ipun, kita taksih pinaringan kanugrahan kasarasan saha kalodhangan, saéngga saged nindaaken sholat jum'at kanthi wilujeng nir ing sambikolo.
Salajengipun, sholawat soho salam mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita, Nabi Agung
Muhammad SAW, dhumateng para kulawarga, para sahabat luhur, dumugi para satriyo panuntun umat ingkang istiqamah ngantos dumugi yaumul akhir.
Poro Jamaah Jumat Ingkang Minulyo,
Wonten ing cecepengan gesang menika, asring manungsa kalimput raos sayah—boten namung sayah menggah badanipun utawi fisik ipun, nanging ugi sayah manah, sayah jiwa, lan sayah pengangen-angen.
Magayutan kaliyan hubbundunya, utawi terlalu demen kalian donyo, asring ndamel batin dados nelongso.
Pramila, para wali, para winasis, saha para sahabat utami, nate maringi pitedah ingkang luhur tumrap kasarasaning batin.
Salah satunggalipun saking Kanjeng Sayyidina Ali bin Abi Thalib Karramallahu Wajhah, nate medharaken wulangan kados pundi caranipun ngasoaken perangan badan soho jiwo manungsa, ingkang kapethik saking kitab Hilyatul Auliya (jilid 6, kaca 456):
رَاحَةُ الْجِسْمِ فِي قِلَّةِ الطَّعَامِ، وَرَاحَةُ النَّفْسِ فِي قِلَّةِ الْأَثَامِ، وَرَاحَةُ الْقَلْبِ فِي قِلَّةِ الْاِهْتِمَامِ، وَرَاحَةُ اللَّسَانِ فِي قِلَّةِ الْكَلَامِ
Tegesipun: Tentremipun rogo wonten ing sekedikipun daharan; tentremipun jiwo wonten ing sekedikipun doso; tentremipun manah wonten ing sekedikipun raos kuwatir; soho tentremipun lisan wonten ing sekedikipun pangandikan.
Poro Jamaah Jumat Ingkang Minulyo,
Menawi dipun tlesih setunggal-setunggal, sekawan wulangan luhur meniko trep sanget menawi dipun selarasaken kaliyan pitedah suci saking Al-Qur'an ing antawisipun :
1. Tentremipun Rogo utawi (Fisik) ngurangi dhaharan.
Rogo meniko menawi kaladuk anggenipun nampi dhaharan utawi tuwuk ingkang berlebihan, badhe dados awon tumrap kesehatan, ndamel kesed, sarta ngabotaken kawontenan badan nalika badhe nindakaken ibadah. Gusti Allah SWT sampun ngandiko wonten ing Surat Al-A'raf ayat 31:
وَلَا تُسْرِفُوْا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَ
Tegesipun: "...Lan ojo padho ngluwih-luwihake (berlebihan). Temen Allah iku ora seneng marang wong kang padho ngluwih-luwihake."
2. Tentremipun Jiwa kanthi Sekedik Dosa (Nebihi Maksiat)
Jiwo manungso menawi asring kenging kalepatan lan dosa, badhe kroso kesupen, lan sirna katentremanipun.
Boten wonten tombo utawi obat ingkang langkung utawi manjur kajawi tobat lan nebihi tumindak maksiat. Gusti Allah SWT ngendiko wonten ing Surat Ar-Ra'd ayat 28:
أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
Tegesipun: "Elingo mung kanthi zikir marang Allah ati lan jiwo iki dadi padho tentrem."
Poro Jamaah Jumat Ingkang Minulyo,
Ingkang kaping:3.
Tentremipun Manah kanthi siti'e Beban Pikiran (Boten Kuwatir ingkang Berlebihan)
Kathahing kuwatir tumrap rejeki, masa depan, utawi karibetaning gesang asring njalari manah dados gerah lan sesek. Sayyidina Ali maringi pitedah bilih manah badhe anteng menawi kita boten kekathahen mikir perkawis ingkang ndamel sumelang (overthinking) saha masrahaken sedaya dhumateng Gusti Kang Akarya Jagad. Al-Qur'an nyariosaken wonten ing Surat At-Talaq ayat 3:
وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ
Tegesipun: "Lan sapa sing pasrah (tawakal) marang Allah, mula Allah iku sing bakal nyukupi kaperluane."
4. Tentremipun Lisan kanthi Sekedik Pangandika (Jagi Ucapan)
Lisan menika perangan ingkang paling landhep tur gampang ndamel dosa manawi boten dipun rekso saestu.
Kathah pangandiko ingkang muspro namung badhe nambahi awonipun drajating pribadhi.
Milo monggo sami waspodho menawi ngandikan seperlunipun mawon lan ngendika ingkang mentes saha sae, sahinggo lisan kito
saged slamet saking siksa. Gusti Allah ngendika wonten ing Surat Qaf ayat 18:
مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ
Tegesipun: "Ora ana sawijining tembung kang diucapake, nanging mesthi ana malaikat pengawas sing tansah siyaga nyathet."
Para Jamaah Jumat Ingkang Minulya,
Mugi-mugi pitedah luhur saking Sayyidina Ali bin Abi Thalib meniko saged dados pangeling-eling saho jimat gesang tumrap kito sedayo, supados tansah njagi jasmani, rohani, manah, lan lisan, ngantos pinaringan katentreman gesang dunyo dumugi akhirat
.
بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
الحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلَامَ وَالمُسْلِمِينَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِينَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالوَبَاءَ وَالغَلَاءَ وَالفَحْشَاءَ وَالمُنْكَرَ وَالبَغْيَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً، يَا رَبَّ العَالَمِينَ.رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فاذْكُرُوا اللهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar