Headliine

Khutbah Jum'at: Wujud Syukur Kamerdikaan



LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 14 Agustus 2026

Khotbah Kapisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ.

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ. 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ الرَّحِمُكُمُ اللهُ، أُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.

Hadirin sidang jamaah jum'ah ingkang minulyo

Minongko purwakaning atur langkung rumiyin, kawulo wasiat lan ngajak dhumateng dhiri pribadi kawulo piyambak, sumrambah dhumateng panjenengan sedoyo sumonggo kawulo aturi sami netepi lan ningkataken raos takwa dhumateng Allah SWT.

Inggih kanthi ngestuaken soho nindakaken dateng sedaya dhawuh-dhawuh pun Allah, sarto nilar lan nebihi deteng sedoyo awisan-Awisan pun Allah SWT.

Kanthi dedhasar lelaku takwa punika, mugi-mugi gesang kulo lan penjenengan sami tansah pinaringano berkah, rohmat, lan wilujeng, dunyo ngantos dumugining akhirat.

Hadirin sidang jamaah jum'ah ingkang minulyo

Alhamdulillah wonten ing titi wanci puniko, kulo lan panjenengan sami taksih pinaringan  kesempatan saking ngarso dalem Allah SWT, saged istiqomah ingdalem netepi kuwajiban ibadah sholat jumat wonten ing masjid meniko kanthi kahanan ingkang khidmat lir ingsambi kolo.

Langkung melih, ing dinten-dinten meniko, negari kito indonesia meniko, nuju mengeti pahargyan agung, arupi mengeti Dinten Kamardikaanipun.

Nyuwun sewu poro rawuh kamardikaan ingkang sakmeniko kito raosaken kanthi tentrem, tebih saking sengkoloning penjajah, boten dipun-pundhut mawi gampil.

Kamardikaan meniko saking kanugrahan lan kersaning Gusti Allah ugi sangking guyup sengkuyuning poro syuhada'u sholihin, poro pahlawan kusumaning bongso ingkang kerso ngorbananake jiwo rogo, bondho donyo, lair batin, saenggo bumi pertiwi saged uwal saking belengguning penjajahan.

Pramilo sangking meniko, kito minongko umat Islam gadhah tanggung jawab moral lan spiritual, sampun sakmestinipun bilih kito ngisi kamardikaan meniko kanthi raos syukur ingkang sak nyatane syukur. 

Raos syukur boten cekap namung dipun ucapakè lumantar lesan kemawon, boten cekap namung ngawontenaken upacara seremonial kemawon, nanging kedah dipunwujudaken lumantar lampahing gesang kanthi sae kulla yaumin ing saben-saben dintenipun.

Ing antawisipun nikmat ingkag kedah kito syukuri inggih nikmat paseduluran lan katentreman, meniko minangko, kalebet nikmat agung saking ngerso dalem Allah SWT.

Pramilo, samubarang wujud paseduluran utawi ukhuwah, punopo dene meniko ukhuwah islamiyah, ukhwah wathoniyah, ukhwah insaniyah, lan ukhwah basyariyah, kedah dipunrekso kanthi saestu.

Allah sampun paring pidhawuh wonten Al-qur'an:

وَالَّذِينَ كَفَرُوا بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ إِلَّا تَفْعَلُوهُ تَكُنْ فِتْنَةٌ فِي الْأَرْضِ وَفَسَادٌ كَبِيرٌ

Hadirin sidang jamaah jum'ah ingkang minulyo

Kanthi kamardikaan puniko, kita saged pinaringan kalodhangan kangge nindaaken ibadah kanthi khusyuk, lan tenang, kito saged nggulawentah pendhidhikan dateng putro-putri kito, kanthi sae lan sekeco, kito saged padhos pangupo jiwo kanti laras, tur gampang.

Kajawi meniko, minongko bangsa ingkang luhur ing pakerti, kito ugi kedhah tansah nguri-uri raos patriotisme lan nasionalisme, dipun dawuhaken (hubbul wathan minal iman) tresno dateng tanah air puniko bagian saking kesempurnaning iman.

Kito kedah njagi kesatuan lan keutuhan bangsa saking perkawis-perkawis ingkang badhe ngrusak persatuan bangsa, kados to pamecah belah, drengki, suloyo, lan fitnah ingkang mboten wonten dhasaripun.

Pramilo ing saklebeting mengeti dinten kamardikaan meniko, sumonggo kito sami mawas dhiri ateges (muhasabah) ing antawisipun ingkang.

Sepisan, menopo kito niki sampun dados mayarakat lan umat, ingkang migunani tumrap sesami?

Kaping kalih, menopo kito niki sampun ngginaaken nikmat kamardikaan sangking Allah SWT meniko, kanthi ngambah wonten margi ingkang dipun ridhoi dening Gusti Allah, nopo malah sakwasunglipun?

Hadirin sidang jamaah jum'at ingkang minulyo.
Ing akhiripun kito nyuwun lan dedongo dateng Gusti Allah SWT.

Mugi-mugi bangsa Indonesia, ingkang kito tresnani meniko, saestu tansah pinaringano pengayoman, pinaringano rohmat, saha berkah saking ngerso dalem Allah SWT, dados negari ingkang baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur, negari ingkang adil makmur, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem karto raharjo.

Lan mugio poro pimpinan-pemimpin kito tansah pinaringano taufiq lan hidayah supados saged ngemong lan ngemban amanah kanthi jujur lan adil.

Amiien...

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ العَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ.اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِينَ، وَأَحْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِينَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ.

اللَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِينَ الْمُسْتَضْعَفِينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ. اللَّهُمَّ احْفَظْ وَطَنَنَا (إِنْدُونِيسِيَا) هَذَا آمِنًا مُطْمَئِنًّا سَخَاءً رَخَاءً وسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِينَ.

اللَّهُمَّ آجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الْآخِرَةِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.

Penyusun: Ust. Rohmanuddin, S.Pd. (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close