LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 7 Agustus 2026
Khotbah Kapisan
الحَمْدُ للهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ الرَّحِمُكُمُ اللهُ، اُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُونَ.
Ma'asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang minulyo
Puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, bilih ing ratri lan siyang menika kita taksih dipun paringi nikmat iman, islam, sehat wal afiat, saéngga kita saged makempal wonten ing masjid menika kanggé nindakaken shalat Jumat berjamaah.
Shalawat lan salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, dhumateng keluarganipun, para sahabatipun, dumugi kita sedoyo umatipun.
Wonten ing kalodhangan siang menika, khotib badhe ngajak dhumateng panjenengan sedoyo supados tansah ningkataken raos takwa kito dhumateng Allah SWT, kanthi lelandhesan nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedoyo awisanipun.
Minangko pelebur lampah taqwa kita, monggo sami emut dawuhipun Allah SWT wonten ing Al-Qur'an:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,
Kulo lan panjenengan sami gesang wonten ing alam dunyo kedah gadah tata krama, subasita, lan raos hormat dhumateng sesami.
Poro ulama asring ngengetaken bilih wonten salebeting Kitab Nashaihul Ibad, dipun sebataken wonten gangsal perkawis ingkang boten pareng dipun remehke. Sinten tiyang ingkang ngeremehake gangsal perkoro menika, badhe nampa gangsal kerugian ingkang ageng ing gesangipun:
مَنْ أَهَانَ خَمْسَةً خَسِرَ خَمْسَةً : مَنِ اسْتَخَفَّ بِالْعُلَمَاءِ خَسِرَ الدِّينَ، وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِالْأُمَرَاءِ خَسِرَ الدُّنْيَا، وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِالْجِيرَانِ خَسِرَ الْمَنَافِعَ، وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِالْأَقْرِبَاءِ خَسِرَ الْمَوَدَّةَ، وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِأَهْلِهِ خَسِرَ طَيِّبَ الْمَعِيشَةِ
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,
Sepisan ,مَنِ اسْتَخَفَّ بِالْعُلَمَاءِ خَسِرَ الدِّينَ (Sinten tiyang ingkang ngeremehaken para alim ulama, badhe rugi agamanipun).
Ulama inggih menika pewaris para nabi (waratsatul anbiya'). Ulama ingkang mbimbing umat supados mangertos halal lan haram, sah dan batalipun ibadah. Menawi wonten tiyang ingkang gampil nggampangaken, nyepelekake, utawi nyacat para ulama, mila dhasar agamanipun badhe risak lan cures, amargi sampun pedhot saking sumber ilmu lan keberkahan.
Kaping kalih, وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِالْأُمَرَاءِ خَسِرَ الدُّنْيَا (Sinten tiyang ingkang ngeremehaken para umara' utawi pemimpin, badhe rugi donyanipun).
Pemerintah utawi pemimpin ingkang sah menika tiyang ingkang ngayomi ketertiban lan keamanan nagari. Menawi rakyat utawa masyarakat gampil ngeremehake, mbangkang, lan tansah nyacat pemimpin tanpa adab, mila tatanan sosial badhe suwung, kahanan nagari dados kisruh, ekonomi macet, lan gesang ing dunya dados reget saha rekas.
Kaping tiga, وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِالْجِيرَانِ خَسِرَ الْمَنَافِعَ (Sinten tiyang ingkang ngeremehaken para tetangganipun, badhe rugi manfaat-manfaatipun).
Tetangga inggih menika tiyang ingkang celak kaliyan griya kita. Nalika kita nandhang kesripahan, kebingungan, utawi kesusahan, tetangga ingkang rumiyin rawuh nulungi sadèrèngipun saderek tebih dumugi. Menawi kita sombong lan ngeremehake tetangga, kita piyambak ingkang badhe rugi, amargi badhe kicalan pitulungan lan manfangat saking sesrawungan tetangga.
Kaping sekawan, وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِالْأَقْرِبَاءِ خَسِرَ الْمَوَدَّةَ (Sinten tiyang ingkang ngeremehaken para kerabat, sanak famili, lan sederek-sederekipun, badhe rugi kasih sayange).
Silaturahmi menika dados sarana mbuka lawang rejeki lan umur panjang. Menawi kita gampil ngeremehake sederek piyambak mergi wirang utawi bandha, mila rasa tresna asih (mawaddah) badhe sirna. Hubungan kekeluargaan dados pedhot, lan gesang dados tawar tanpa wonten rasa handarbeni.
Ingkang kaping gangsal,وَمَنِ اسْتَخَفَّ بِأَهْلِهِ خَسِرَ طَيِّبَ الْمَعِيشَةِ (Sinten tiyang ingkang ngeremehaken keluarganipun, garwa saha anak-anakipun, badhe rugi kemanisan lan kabagjan urip-ipun).
Keluarga inggih menika benteng utama kebagjan batin. Garwa lan anak kedah dipun ayomi kanthi tresna akih. Menawi tiyang sepuh utawi kepala rumah tangga ngeremehake hak-hak keluarganipun, omah gedhong kaya apa bae bakal krasa asat, sepi saking ketentreman, lan ilang kemanisan urip rumah tangganipun.
Hadirin jamaah jumat rahimakumullah,
Pramila, liwat mimbar Jumat menika, sumangga kita sami ngati-ati. Aja nganti kita kalebet golongan tiyang ingkang gampang nyepelekake lima perkara kasebat, supados kita boten dados tiyang ingkang rugi ing dunya dumugi akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَذِكْرِ الحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khotbah Kapindho
الحَمْدُ للهِ حَمْداً كَثِيراً كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَى بِمَلَائِكَتِهِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَالمِحَنَ، وَسُوءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيسِيَا خَاصَّةً، وَسَائِرِ بِلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ العَالَمِينَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُروهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ.
Penyusun: Ust. Rohmanuddin, S.Pd. (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar