LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 21 Agustus 2026
Khotbah Kapisan
الحَمْدُ لِلَّهِ المَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الطُّغْيَانِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ الرَّحِمكمُ اللَّهُ، أَوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُونَ.
Hadirin jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Langkung rumiyin mangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat iman, islam, saha kasarasan, saénggo kito sedoyo taksih dipunparingi kekiyatan lampah sowan wonten ing masjid puniko kanthi wilujeng nir beboyo.
Salajengipun, shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng poro keluargo, sahabat, soho poro pandherekipun dumugi yaumul qiyamah.
Mugi-mugi kito sedoyo kalebet golongan ingkang pikantuk syafaatipun benjang ing dinten kiamat. Amin ya rabbal 'Alamin.
Hadirin jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Wonten ing kalodhangan menika, khatib ngajak dhumateng panjenengan sedaya bilih gesang wonten alam donya punika namung sawatawis.
Manggo kito tansah ningkataken taqwa dhumateng Gusti Allah SWT, kanthi lelandhesan nindakaken sedoyo prentahipun lan nebihi sedoyo awisanipun.
Mangertoso bilih Gusti Allah sampun paring pidhawuh wonten Al-Qur'an:
قُلْ بِفَضْلِ اللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَلِكَ فَلْيَفْرَحُوا هُوَ خَيْرٌ مِمَّا يَجْمَعُونَ
Ngucapo siro (He Muhammad), 'Paring kanugrahan saking Gusti Allah lan rohmat-Ipun, mila wonten ing bab kasebat poro manungso prayoginipun sami bingah-bingah (sukacita). Awit, kanugrahan soho rahmat kasebat linangkung saé tinimbang punopo kemawon ingkang sami dipun kempalaken'."
Poro ulama tafsir, kalebet Imam Al-Suyuthi, nefsiraken bilih ingkang dipun maksud "rahmat" wonten ing ayat kasebat inggih puniko gusto kito Nabi agung rosulillah Muhammad SAW.
Pramilo, bunggaho lan syukuro awit saking wiyosipun dalem Kanjeng Nabi minangko satunggaling kesaenan ingkang agung.
Kanjeng Nabi SAW ugi ngendika wonten ing satunggaling hadis:
لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُونَ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِنْ وَلَدِهِ وَوَالِدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ
Ora sampurna iman salah siji sliramu nganti aku luwih daktresnani tinimbang anake, wong tuwane, lan manungsa kabeh." (HR. Bukhari lan Muslim).
Hadirin jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Saking dhasar ayat soho hadis kasebat, lan ugi wonten setunggal keterangan saking kitab Hasyiyah I’anatu al-Thalibin , bilih wonten satunggaling hikayat utawi carios ingkang kedah dados pangeling-eling tumrap kito sedoyo.
Carios kasebat nyebataken bilih nalika jamanipun Amirul Mukminin Harun Ar-Rasyid, wonten satunggaling nem-neman wonten kitha Bashrah ingkang kondhang asring tumindak maksiat. Amargi tumindak awonipun punika, para wargo tansah nyawang nem-neman wau kanthi pandangan ingkang asor saha boten ngajeni.
Nanging, sanajan pemuda wau kathah kalepatanipun, piyambakipun kagungan satunggaling lampah saé. Saben wulan Rabiul Awal utawi wulan Maulid Nabi
nem-neman kolowau tansah ngresei badane, ngresiki pakeane, ngginakaken wewangen (wangi-wangi), dandan ingkang saé, damel tetedhan (walimah), saha ngawontenaken pamaosan sejarah miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Lampah menika dipun istiqamahaken dumugi wekdal ingkang dangu.
Hadirin jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Kala wanci nem-neman kolowau sédo, poro wargo sami mireng suwanten ingkang boten katingal wujudipun (hatif) ingkang sesambat: "He poro wargo Bashrah, manggo sami rawuh lan seksenana jenazah satunggaling wali saking poro waline gusti Allah, bilih tiyang nem-neman puniko satunggaling tiyang ingkang minulyo wonten ngarsaku."
Lajeng poro wargo sami nglayat, sarta ngramut jenazahipun nem-neman kolowau. Sasampunipun nem-neman kolowau di sareaken , wonten setunggal wargo ingkang ngimpi sumerep nem-neman wau lumampah kanthi rasukan sutra ijo lan kain sutra ingkang endah sanget.
Nalika dipun suwuni pirso: "Sebab menapo piyambae angsal kanugerahan ingkang agung meniko?"
nem-neman wau mangsuli: "Kula angsal kemuliaan menika awit saking takdzim (ngagungaken) miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW."
Hikyat menika paring piwucal dhumateng kito bilih ageng sanget kautamen tiyang ingkang purun ngagungaken, nresnani, soho mengeti dinten miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Sanadyan tiyang puniko nate nglampahi kathah kalepatan, nanging awit saking barokah takdzim dhumateng Rasulullah SAW,
Allah SWT paring ampunan sarto kaluhuran ingkang luar biasa.
Mugi-mugi kita seoyo dipun paringi manah ingkang tansah tresno dhumateng Kanjeng Nabi. Amin ya rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ العَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.
الحَمْدُ لِلَّهِ حَمْداً كَثِيراً كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الخَلَائِقِ وَالبَشَرِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيماً كَثِيراً.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، وَالمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالغَلَاءَ وَالوَبَاءَ وَالفَحْشَاءَ وَالمُنْكَرَ وَالبَغْيَ وَالسُّيُوفَ المُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُروهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar