Headliine

Khutbah Jum'at - Bahasa Jawa: Tawakal Sejati Ojo Gumantung Marang Makhluk



LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 28 Agustus 2026

Khotbah Kapisan

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ المَلِكِ الدَّيَّانِ، الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ، الْكَرِيمِ الغَفَّارِ. أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى نِعَمِهِ الْجِسَامِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى فَضْلِهِ وَإِاحْسَانِهِ الْمُسْتَدَامِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، شَهَادَةَ مُوقِنٍ بِوَحْدَانِيَّتِهِ، مُرْتَجٍ لِفَضْلِهِ وَرَحْمَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، خَيْرُ الأَنَامِ، وَمِصْبَاحُ الظَّلَامِ، وَسَيِّدُ وَلَدِ آدَمَ عَلَى الدَّوَامِ.اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الأَعْلَامِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ المِعَادِ.أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ الرُّحَمَاءُ، أُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ وَطَاعَتِهِ، فَقَدْ فَازَ المُتَّقُونَ وَنَجَا المُصْلِحُونَ.

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Wonten ing kalodhangan menika, mangga kita tansah ngiyataken raos takwa lan iman dhateng Ngarsanipun Allah Ta'ala, kanthi estu-estu nindakaken sedaya undhinganipun saha tebih saking sedaya awisanipun. Kanthi takwa ingkang temen, gesang kita badhe pinaringan keberkahan, ketentreman batin, saha keslametan dunya dumugi akhirat.

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Minangka titah ingkang apes gesang menika asring dipunuji kathah kabetahan. Nanging minangka tiyang mukmin, kita kedah mangertos bilih cara nyuwun lan gumantung ingkang sae menika kados pundi. Wonten ing setunggaling hikmah, para ulama asring ngendika:

رُبَّمَا اسْتَحْيَا الْعَارِفُ أَنْ يَرْفَعَ حَاجَتَهُ إِلَى مَوْلَاهُ اكْتِفَاءً بِمَشِيَّتِهِ، فَكَيْفَ لَا يَسْتَحْيِي أَنْ يَرْفَعَهَا إِلَى خَلِيقَتِهِ

Tegesipun: Kaping kathah, tiyang ingkang sampun wikan dhateng Gusti menika wirang menawi kedah nyuwun kabetahanipun dhateng Pangeranipun, amargi sampun rumangsa cukup lan ridha dhateng kersanipun Allah. Mila kados pundi dene piyambakipun boten badhe langkung wirang malih menawi kedah nyuwun dhateng padha-padhaning makhluk?

Aturan batin menika mulangaken dhateng kita babagan tawakal ingkang sejati.

Tiyang ingkang sampun tepang lan cedhak batinipun kaliyan Gusti Allah, piyambakipun langkung marem lan sumangga dhateng punapa kemawon ingkang dipunkarsakaken dening Allah. 

Piyambakipun pitados bilih Gusti Allah langkung pirsa punapa ingkang sae tinimbang panyuwunan lisanipun piyambak. Menawi dhateng Gusti kemawon kedah empan papan lan rido, tamtu langkung risih lan wirang menawi samesthinipun gumantung utawi ngemis panyuwunan dhateng manungsa (makhluk).

Allah Ta'ala eNggih sampun ngendika wonten ing Al-Qur'an Surah At-Talaq ayat 3:

وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ

Sapa wonge sing tawakal marang Allah, moko Allah iku bakal nyukupi kabutuhane. (QS. At-Talaq: 3).

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Ayat menika dados penguat bilih Gusti Allah sampun nyekapi sedaya kabetahanipun hamba ingkang purun sumangga lan gumantung namung dhumateng Panjenenganipun. Aja ngantos gampang ngesoraken dhiri, ngemis-ngemis, utawi gumantung kanthi berlebihan wonten ngajengipun makhluk. Awit bilih kita gumantung dhateng sesami, asringipun badhe pinaringan kuciwa. Nanging bilih kita nyandhak sedaya pangajab dhumateng Gusti Allah, manah dados langkung merdika lan tansah pinaringan kecukupan.

Mugi-mugi kita sedaya tansah dipunparingi kekiyatan supados dados hamba ingkang istiqamah tawakal, tebih saking rasa gumantung dhateng makhluk, lan tansah rido dhumateng sedaya kersanipun Allah Ta'ala. Aamiin ya Rabbal 'alamin.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ، أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ العَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.

Khotbah Kapindho

الحَمْدُ لِلَّهِ حَمْداً كَثِيراً كَمَا أَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِغْرَاقاً فِي التَّوْحِيدِ وَتَصْدِيقاً، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ المَحْشَرِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ جَلَّ مِنْ قَائِلٍ عَلِيماً: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالوَبَاءَ وَالغَلَاءَ وَالفَحْشَاءَ وَالمُنْكَرَ وَالبَغْيَ وَالسُّيُوفَ المُخْتَلِفَةَ وَالشِّدَائِدَ وَالمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ، وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ. 

Penyusun: Ust. Rohmanuddin, S.Pd. (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close