Headliine

Nggayuh Rizki Kang Berkah kanthi Dalan Kang Halal



LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 17 Juli 2026

الْحَمْدُ لِلّٰهِ، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ السَّعْيَ فِي الْأَرْضِ سَبِيْلًا لِلْمَعَاشِ، وَأَمَرَ بِأَكْلِ الْحَلَالِ وَاجْتِنَابِ الْأَرْجَاسِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ الْأَنَامِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّم|ْ وَبَارِك|َ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ.أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ الرَّحِمَكُمُ اللهُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ.

Sidang Jamah Jum'at ingkang Minulyo
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring mapanten-panten kanugrahan, saé menika rupa kasarasan, yuswa ingkang panjang, sarta hidayah saéngga kita saged makempal wonten ing papan ibadah ingkang kebak barokah menika. Shalawat sarta salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng kulawarga, para sahabat, sarta para pandhérékipun ngantos dinten kiyamat.

Wonten ing kalodhangan ingkang minulya menika, khatib paring pepéling, utaminipun dhumateng dhiri pribadi lan dhumateng para jamaah sedaya, sumangga kita pados sarta mindhakaken ketaqwaan dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken dhawuh-dhawuh-Ipun sarta nebihaken sedaya awisan-Ipun.

Sidang Jamah Jum'at ingkang Minulyo
Saben manungsa ingkang gesang wonten ing alam donya menika tamtu gadhah kabetahan ngebaki kaperluan raga lan kulawarganipun kanthi cara nyambut damel utawi kasab. Nanging, minangka tiyang mukmin, nyambut damel menika mboten namung perkawis pados arta, nanging ugi dados sarana ibadah dhateng Gusti Allah. Wonten ing kitab Tanbihul Ghafilin karya Al-Faqih Abu Laits As-Samarqandi, dijelasaken bilih wonten pitutur luhur ngenani pranatacara pados Rizqi Ing antasisipun:

مَنْ أَرَادَ أَنْ يَكُوْنَ كَسْبُهُ طَيِّبًا، فَعَلَيْهِ أَنْ يَحْفَظَخَمْسَةَ أَشْيَاءَ

"Sapa waé sing kepéngin kasab utawa pakaryané dadi pakaryan sing thayyib (saé lan berkah), mangka dhéwékné kudu njaga limang perkawis."

Ingkang kapisan, inggih menika njaga ibadah lan mboten nilaraken kuwajiban:

أَوَّلُهَا: أَنْ لَا يُؤَخِّرَ شَيْئًا مِنْ فَرَائِضِ اللهِ تَعَالَى لِأَجْلِ الْكَسْبِ، وَلَا يُدْخِلَ النَّقْصَ فِيْهَا

Tegesipun, mboten ngendhek-endhek utawi nyuda kuwajiban saking Allah SWT margi saking ketungkul nyambut damel. Sampun ngantos perkawis pados donya ndadosaken kita kesupen dhumateng Shalat gangsal wekdal utawi nyuda kasampurnan ibadah kita.

Ingkang kaping kalih, inggih menika mboten nganiaya sesama:

وَالثَّانِيْ: أَنْ لَا يُؤْذِيَ أَحَدًا مِنْ خَلْقِ اللهِ تَعَالَى لِأَجْلِ الْكَسْبِ

Tegesipun, mboten ngganggu utawi nganiaya dhateng sesamining titah demi pados keuntungan. Kasab ingkang saé menika mboten mawi cara ngapusi, madoni, utawi ngrudhasi hak-hakipun tiyang sanés.

Ingkang kaping tiga, inggih menika nggadhahi niat ingkang leres:

وَالثَّالِثُ: أَنْ يَقْصِدَ بِكَسْبِهِ اسْتِعْفَافًا لِنَفْسِهِ وَعِيَالِهِ، وَلَا يَقْصِدَ بِهِ الْجَمْعَ وَالْكَثْرَةَ

Tegesipun, niataken anggenipun nyambut damel menika kagem njagi kahuripan dhiri pribadi sarta kulawarga supados mboten nggantungaken gesang dhumateng tiyang sanés (nerimah/iffah). Tujuan utamanipun sanés namung kagem numpuk-numpuk bandha utawi pamer kasugihan.

Ingkang kaping sekawan, inggih menika mboten ngaya utawi mekso raga:

وَالرَّابِعُ: أَنْ لَا يُجْهِدَ نَفْسَهُ فِي الْكَسْبِ جِدًّا

Tegesipun, mboten mekso dhiri pribadi kanthi kelangkung-langkung wonten ing pakaryan ngantos ngrusak kasarasan. Islam nggadhahi prinsip bilih raga lan jiwa menika ugi gadhah hak kagem ngaso.

Ingkang kaping gangsal, inggih menika madhep-mantep bilih Allah ingkang paring rizki:

وَالْخَامِسُ: أَنْ لَا يَرَى رِزْقَهُ مِنَ الْكَسْبِ، وَيَرَى الرِّزْقَ مِنَ اللهِ تَعَالَى وَالْكَسْبَ سَبَبًا

Tegesipun, sampun ngantos gadhah pemanggih bilih rizki menika saking pakaryanipun piyambak. Kedah pitados bilih rizki menika sejatosipun saking Allah SWT, wondéné pakaryan utawi kasab menika namung dados lantaran utawi sabab kemawis.

Sidang Jamah Jum'at ingkang Minulyo
Menawi limang perkawis saking kitab Tanbihul Ghafilin menika saged kita ugemi wonten ing panguripan saben dinten, insya Allah, pakaryan kita badhé dipunparingi berkah dening Allah SWT, kulawarga dados sakinah, lan manah kita tansah tumaninah lan adhem ayem.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي|ْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khotbah Kaping Kalih

الْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْمَصَابِيْحِ الْغُرَرِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيْمًا: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. اَللّٰهُمَّ اجْعَلْ كَسْبَنَا حَلَالًا طَيِّبًا مُبَارَكًا، وَلَا تَجْعَلْنَا مِنَ الَّذِيْنَ يَشْغَلُهُمُ الدُّنْيَا عَنْ ذِكْرِكَ وَعِبَادَتِكَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ. أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ!

Penyusun: Ust. Rohmanuddin (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close