Headliine

Khutbah Jumat: Pratondho Ahli Suwargo



LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 24 Juli 2026

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَنَسْتَهْدِيهِ وَنَسْتَرْشِدُهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ الرَّحِمُكُمُ اللهُ، أُوْصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.

Maasyiral Muslimin, para jamaah Jumat ingkang munulyo.

Wonten ing kalodhangan siyang menika, khotib tansah ngajak dhumateng panjenengan sedaya, sumangga kita sami ngiyataken iman saha takwa dhumateng Gusti Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuh-ipun saha nyingkiri sedaya cegahan-ipun. Mugi-mugi kita tansah kalebet golongan tiyang ingkang pinaringan rahmat, taufik, hidayah, dumugi wilujeng dunya dumugi akhirat.

Jamaah jum'at ingkang minulyo.

Manungsa gesang wonten ing alam ndonya menika sakmesthinipun tansah nggadhahi seserepan bilih sedaya lampah gesang kedah dipunarahaken supados benjang saged sowan ing ngarsaning Gusti kanthi wilujeng, sarta saged mlebet ing suwarganing Gusti Allah. Nanging, kados pundi caranipun supados kita dipunakoni dados titah ingkang kalebet ahli suwarga?

Wonten ing kitab Hilyatul Auliya (jilid 8, kaca 216), dipun jelasake bilih para ahli suwarga utawi tiyang-tiyang ingkang badhe pikantuk kanugerahan agung saking Gusti Allah, gadhah sekawan pratandha utawi ciri utami ingkang tansah dados laku lampahing gesang padintenan:

Sepisan, Pasuryan ingkang sumringah sarta lembah manah (Wajhun munbasithun). Tiyang ahli suwarga menika gadhah watak ingkang remen sumadya, pasuryanipun sumringah, saha ramah dhumateng sesami, tebih saking raos duka, sarta tansah memurih karaharjaning sasami.

Kaping kalih, Lisan ingkang alus saha ngresepaken manah (Lisanun lathiifun). Tiyang ingkang bebudenipun luhur tansah njagi lisanipun saking tetembungan ingkang awon, tansah wicanten ingkang lembah manah, tata krama, saha boten nate nglarani manahing tiyang sanes.

Kaping tiga, Manah ingkang welasan saha gampang trenyuh (Qalbun rahiimun). Kagungan manah ingkang gampang welas asih dhumateng para sesami, tiyang sekeng, yatim piatu, saha sedaya titahing Gusti, boten gampang nggadahi raos drengki dhumateng sesami.

Kaping sekawan, asto ingkang loman saha remen maringi (Yadun mu'thiyatun). Gampil handarbeni raos handarbeni dateng sasami, remen tetulung, saha asring ambabar kesaenan liwat sedekah dhumateng tiyang ingkang asring mbetahaken, tanpa mrih ganjaran saking manungsa.

Jamaah jum'at ingkang minulyo.

Mugi-mugi sekawan perkawis menika saged kita 

tamancepaken ing manah kita, dados dedikasi lampah gesang ing saben dintenipun, supados kita tansah pinaringan ridha saha suwarganing Gusti Allah SWT.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَاستَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.

Khotbah kapindho

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْداً كَثِيراً كَمَا أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ السَّيِّدُ الْأَغَرُّ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَا تِلاَوَتِهِ بَاقِيَةٌ عَلَى مَرِّ الْمُصْحَفِ وَالْعُصُورِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيماً: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، وَاجْعَلْنَا مِنْ أَهْلِ الْجَنَّةِ الَّذِينَ وَجْهُهُمْ مُنْبَسِطٌ، وَلِسَانُهُمْ لَطِيفٌ، وَقَلْبُهُمْ رَحِيمٌ، وَيَدُهُمْ مُعْطِيَةٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Penyusun: Ust. Rohmanuddin (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close