LTN MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Edisi: 31 Juli 2026
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.
Ma'asyirol Hadirin Jamaah Jum'at ingkang Minulyo.
Sumanggo ing kalodhangan wekdal ingkang kebag berkah meniko, kulo derekaken ngajak dhumateng dhiri kulo pribadi lan panjenengan sami, sumonggo supados tansah ngiyataken iman lan takwa kito dhumateng Gusti Allah SWT,
kanthi nindakaakè dateng sedoyo dhawuh-dhawuh ipun Allah lan nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta'ala.
Mugio kito sedoyo kalebet golonganipun tiyang ingkang pinaringan wilujeng wonten ing ngalam pepadhang dunyo sakmange ngantos dumugining mbenjang wonten ing alam akhirat.
Jamaah Jum'at ingkang Minulyo.
Kados ingkang kaserat wonten ing kitabTanbihul Ghafilin , dipun pertelaaken bilih bentengingipun utawi lelandhesanipun ngamal meniko, supados amal ibadah kito boten risak lan katampi dening Gusti Allah Ta'ala, wonten tigang perkawis:
حِصْنُ الْعَمَلِ ثَلَاثَةُ أَشْيَاءَ:
Ingkang kapisan,
أَنْ تَرَى الْعَمَلَ مِنَ اللَّهِ تَعَالَى لِتَقْطَعَ الْعُجْبَ
Panjenengan ampun ngantos kagodho lan kasupen bilih sedoyo lampah kabecikan meniko, awit sangking nugroho soho kanugrahaning Gusti Allah
pramilo supados kito tansah nebehi lan nyingkiri raos ujub ateges (raos gumedhe utawi nggunggung awak-awak-an bilih amal meniko saking kekiyatanipun piyambak). Kenging menopo mekaten? Awit menawi sanes saking pitulungipun Gusti Allah, kito manungso mboten badhe menangi saged nindakake kasaenan babar pisan.
Ingkang kaping kalih,
وَتَرَى الشُّكْرَ لِلَّهِ تَعَالَى لِتَقْطَعَ الرِّيَاءَ
Panjenengan kedah tansah manembah lan murih agenging raos syukur dhumateng Gusti Allah Ta'ala. supados sirno penyakit riya' puniko (penyakit pamer dhateng sesami manungso).
Kerono ngamal ingkang dipun tindakaaken kanthi niat kapameraken datheng liyan badhe muspro lan boten wonten ajinipun ing ngarsanipun Gusti Allah.
Jamaah Jum'at ingkang Minulyo.
Ingkang kaping tigo,
وَتَبْتَغِيَ الثَّوَابَ مِنَ اللَّهِ تَعَالَى لِتَقْطَعَ الطَّمَعَ وَالطَّلَبَ مِنَ الْخَلْقِ.
Panjenengan ampun ngantos gadhahi pengangkah sanes, kejawi amung ngupadi ridho lan ganjaran saking Ngarsanipun gusti Allah Ta'ala.
Panjenengan sami kedah nebihi sangking raos thoma' tegesipun uwal saking sipat srakah, tuwin ngarep-arep pangalembono soho bondho donyo sangking sesami titah.
Tiyang ingkang ikhlas badhe cutel pengangkah manahipun, ateges mardiko manahipun sangking pangajab welas asihipun manungso, lan amung pasrah sumarah dhumateng Gusti Allah Ta'ala kang Akaryo jagad.
Gusti Allah SWT ngendiko wonten ing Al-Qur'an.
وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ
“Podho ora dendawuhi, kejobo supoyo nyembah marang Allah kanthi tulus ikhlas netepi agomo sing bener...”
Jamaah Jum'at ingkang Minulyo.
Ing wusono kito nyuwun lan dedungo dateng Allah Ta'ala, Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta'ala tansah nuntun manah kito sedayo supados tansah ikhlas khusyuk, lan hudur (حضور) anggenipun kito ngibadah wonten ngarso dalem Allah Ta'ala ing saben dintenipun.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشَّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَامتِنَانِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْوَانِهِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيمًا كَثِيرًا.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ فِيمَا أَمَرَ، وَانْتَهُوا عَمَّا نَهَى عَحَرَ. وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيَّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ
Penyusun: Ust. Rohmanuddin (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar