Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at, Edisi: 3 Juli 2026 - Netepi Laku Sae
اَلْحَمْدُ للهِ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِإِدْخَالِ السُرُوْرِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ النُّوْرُ الصَّبُوْرُ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بِحُسْنِ الْأَخْلَاقِ الْمشْهُوْرُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ لَا تَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَقُوْلُوْا لِلنَّاسِ حُسْنًا وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۗ ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْكُمْ وَاَنْتُمْ مُّعْرِضُوْنَ
Poro jamaah Jumah ingkang dipun-mulyaaken dening Gusti Allah.
Sedoyo puji kagunganepun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanugrahan sarto kanikmatan dhumateng kito, saénggo kito saged nyembadani timbalan Dalem saperlu nindakaken shalat Jumah kanthi berjamaah.
Nikmat ingkang kito tampi puniko sampun samesthinipun dipun-ginakaken kagem nyembadani syariat ingkang sampun dipun-temtokaken dening Gusti Allah.
Shalawat sarto salam, kito konjukaken sesarengan dhumateng Ngarso dalem Junjungan Kito Nabi Agung Muhammad SAW, ugi sumrambah dateng poro kuluwargo poro shohabat, sarto mugi nglintu dhumateng kito sedoyo minangka umatipun. Lan ing dinten pungkasan samangke mugi saged pikantuk syafaatipun. Amin.
Para jamaah Jumah ingkang dipun-mulyaaken dening Gusti Allah.
Lumantar mimbar ingkang minulyo puniko, alfaqir paring wasiat dhumateng poro jamaah Jumah sarto dhumateng dhiri alfaqir piyambak, supados boten nate kendel anggenipun budidoyo (berikhtiar) Mindhakaken keimanan sarto ketakwaan dhumateng Gusti Allah SWT.
Amargi kanthi sangu iman lan takwo puniko, kito saged wilujeng ing donyo sarto ing dinten kiyamat samangke. Takwa punika mengku teges nindakaken sedaya dhawuh-dhawuh Dalem Gusti Allah sarto nebihaken dhiri saking sedoyo awisan-awisanipun.
Ajeg utawi istiqomah puniko ingkang kadhang kolo taksih dados tanggung jawab utawi (PR) kito sesarengan. Tiyang ingkang saged istiqomah nindakaken kasaenan badhe dipun-gatosaken dening Gusti Allah SWT kanthi dipun-paringi piwales ingkang luhur, inggih puniko swargo Dalem.
Mugi-mugi kito kalebet abdi ingkang saged istiqomah ing njeroning taqwo Amin.
Gusti Allah SWT sampun ngendiko wonten ing Al-Qur'an:
إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ
Tegesipun: "Sanyatanipun tiyang-tiyang ingkang mratelakaken, "Pangeran kawulo inggih puniko Gusti Allah" nuli piyambakipun nancepaken tekad (istikamah), moko para malaikat badhe tumurun dhumateng piyambakipun (kanthi ngucap), "Siro ojo ngeroso wedi lan ojo siro sedhih ati; lan bungaho sira kanthi (pikantuk) swargo kang wis dadi prasetyo marang siro,"
Para jamaah Jumah rahimakumullah.
Ngathah-athahaken ibadah dhumateng Gusti Allah SWT puniko saestu sae sanget, minangko wujud nyoto saking raos keabdian kito. Nanging, badhe langkung sae malih bilih dipun-lampahi kanthi istiqomah, boten namung ing wektu-wektu tartamtu kemawon kita nglampahi ibadah kanthi saestu.
Babagan istiqomah puniko ingkang paling wigati dipun-gatosaken.
Rasulullah SAW nate ngendiko bilih Gusti Allah saestu nresnani ibadah ingkang dipun-lampahi kanthi ajeg (konsisten) sanadyan namung sakedhik.
إِنَّ أَحَبَّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
Tegesipun: "Sanyatane, ibadah kang paling ditresnani dening Allah yoiku ibadah kang paling ajeg (konsisten) sanadyan mung sethithik," (HR Muslim).
Njagi keistiqomahan puniko pancen dipun-dhawuhaken ing njeroning agami. Al-Qur'an mawi hadits asring sanget nyebataken babagan wigatinipun dados abdi ingkang istikamah nindakaken kasaenan.
Istikamah punika pancen boten gampil dipun-lampahi, nanging boten ateges boten saged dipun-gayuh. Kito kedah nyawijekaken niat supados saged dados abdi ingkang dipun-tresnani dening Gusti Allah kanthi istikamah nindakaken dhawuh Dalem sarto nebihaken dhiri saking sedyo awisan-Awisanipun.
Para jamaah Jumah rahimakumullah.
Cekaking atur, alfaqir ngajak supados kita boten nate bosen anggenipun ngibadah sanadyan toto laksananipun dhumateng Gusti Allah dereng saged maksimal, sarto boten nate bosen dados tiyang ingkang sae.
Kasaenan-kasaenan ingkang kito lampahi, sae dhumateng sesami manungso punapo dene dhumateng ngarso dalem Allah moten kepareng pedhot, malah kedah tansah mindhak sarta istiqomah.
Langkung-langkung, boten wonten alesan ingkang saged njalari sae-saening tumindak puniko kendel. Sanadyan ing satengahing pacoben ingkang nembe dhumateng, kito kedah tetep budidoyo (berikhtiar) kanthi kenceng ing tekad sarto ajeg nindakaken kasaenan, amargi Gusti Allah murbeng dumadi saestu nresnani ibadah ingkang dipun-lampahi kanthi istiqomah.
Sanadyan amalan puniko naming sakedhik utawi alit.
Tiyang ingkang saged istikamah puniko sami kémawon kaliyan tiyang ingkang lumampah saperlu nyampurnakaken imanipun, awit kasampurnaning iman puniko saged dipun-gayuh kanthi margi istiqomah.
Poro jamaah Jumah ingkang dipun-mulyaaken dening Gusti Allah.
Mekaten khutbah Jumah ingkang saged Alfaqir aturaken
Mugi-mugi kito tansah pinaringan pitulungan sarto pitedah saking Gusti Allah SWT, supados saged dados abdi ingkang istiqomah nindakaken dhawuh-dhawuh Dalem, sarto nebihaken dhiri saking sedyo pepaci utawi pepalangan ingkang dipun-larang dening Gusti Allah. Amin ya rabbal alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ هَذَا الْيَوْمِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الصَّلَاةِ وَالصَّدَقَةِ وَتِلَاوَةِ الْقُرْاَنِ وَجَمِيْعِ الطَّاعَاتِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا .. وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِوَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Penyusun: Ust. Rohmanuddin (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar