Headliine

Khutbah Jum'at: Nebihi Laku Gumedhe

Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at, Edisi: 10 Juli 2026 - Nebihi Laku Gumedhe

الْحَمْدُ لِلّٰهِ، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي خَلَقَ الْإِنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ، وَأَفْهَمَهُ بِالْقَلَمِ وَالْعِلْمِ وَالتَّعْلِيمِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهَ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا شَرِيكَ لَهُ وَلَا شَبِيهَ لَهُ وَلَا نَظِيرَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدِ الْأَمِينُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.

​أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ الْعَلِيِّ الْقَدِيرِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْعَزِيزِ: وَلَا تَمْشِ فِي الْأَرْضِ مَرَحًا ۖ إِنَّكَ لَنْ تَخْرِقَ الْأَرْضَ وَلَنْ تَبْلُغَ الْجِبَالَ طُولًا،

Poro Jamaah Sholat Jumat ingkang minulyo,

​Wonten ing kalodhangan wekdal ingkang kebak kanugrahan soho berkah sangking Allah meniko, sumonggo sesarengan kito tansah nikelaken lan mindàaken raos takwo kito dhateng ngerso dalem Allah SWT, kanthi nindakaken datheng sedoyo dhawuh-dhawuhipun soho nebihi lan nilar datheng sedoyo awisan-awisanipun,

Karanten kawontenan takwo meniko, minongko kahananing manah ingkang badhe nuntun lan bekto kulo lan panjenengan sami, datheng kaslametan lan kawilujengan wonten ing salebeting ngalam donyo sakmangke, ngantos tumusing mbenjang wonten ing Alam kelanggenggan nggeh tegese ngalam akhirot.

​Poro Jamaah Sholat Jumat ingkang minulyo,

Mangertoso bilih saben manungso mesthi nggadhahi pepenginan dados tiyang ingkang luhur. Ananging, asring sanget kelangkungan ingkang dipun-paringaken dening Allah SWT kadang malah ndadosaken manungso dawah wonten ing jurang kesombongan utawi gumedhe.

Wonten ing kitab Maroqi Al-'Ubudiyah nasehat saking poro ulama' bilih sejatosipun manungso meniko, mboten badhe nggadhahi raos umuk utawi gumedhe nggeh tegese sipat (sombong), kejawi piyambakipun rumaos nggadhahi kelangkungan utawi kasampurnan, sae ugi ingdalem urusan-urusan agami menopo dene urusan donyo.

Dipun sebataken ingdalem kitab Maroqi Al-'Ubudiyah, wonten 7 (pitung) perkawis ingkang asring dados jalaran lan sebab tuwuhipun raos sombong wonten ing manahipun manungso, ing antawisipun ingkang kaping kapisan:

​Al-Ilmu (Ngelmu utawi pengetahuan): Tiyang ingkang nggadhahi ngelmu asring rumaos paling pinter piyambak, saénggo gumampang nyepeleàke dhumateng tiyang sanes ingkang taksih bodho utawi awam.

Ingkang kaping kaleh : ​Al-"Amalu wal-'Ibadatu (Amal lan Ibadah): Rumaos dados ahli ngibadah, rumaos kathah nindakaken sunnah, saénggo tuwuh raos suci wonten ing manah lan nganggep tiyang sanes nggadhahi doso lan ino ugi pantes mlebet neroko.

Ingkang kaping tigo : An-Nasabu (Nasab utawi keturunan): gumedhe amargi nggadhahi trah utawi keturunan tiyang luhur, priyayi, utawi tokoh ageng, saénggo nganggep asor tiyang sanes ingkang mboten cetho silsilahipun.

Poro Jamaah Sholat Jumat ingkang minulyo,

ingkang kaping sekawan : ​Al-Jamalu (baguse rupo): Gumedhe amargi dipun-paringi pasuryan ingkang bagus utawi ayu, sarto badan utawi fisik ingkang sampurno, banjur ngece dhumateng tiyang ingkang nggadhahi cacat lan kirang.

ingkang kaping gangsal : Al-Malu (Bondho Dunyo): Rumaos paling sugih, nggadhahi drajat inggil amargi kasugihanipun, saénggo tumindak Adigang, adigung, adiguno sewenang-sewenang dhumateng tiyang miskin utawi tiyang sanes.

Saklajengipun ingkang kaping enem : Al-Quwwatu (Kekiyatan): Sombong amargi nggadhahi kekiyatan fisik,nggadahi kasekten nggadahi jabatan, dados panguwoso, saénggo rumaos mboten wonten tiyang ingkang saged ngasoraken piyambakipun.

ingkang terakhir ingkang kaping pitu enggeh meniko

Al-Atba’u wat-Talamidzu wal-Aqaribu (Kathah Pengikutè, kathah Muritè soho kathah sanak kadangè atages kuathah bolonè ): Rumaos ageng amargi nggadhahi pengaruh ingkang wiyar, pendukung ingkang kathah, murid ingkang setyo, utawi sanak keluarga ingkang nggadhahi panguwoso.

Poro Jamaah Sholat Jumat ingkang minulyo,

Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun paring pepeling dhumateng kito sedoyo kelawan pengendikanipun

​(لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ)

​Mboten badhe mlebet swargo

​(مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ)

​tiyang ingkang wonten ing salebeting manahipun

​(مِثْقَالُ ذَرَّةٍ)

​senadyan namung sabobot wiji sawi.

​(مِنْ كِبْرٍ)

​saking sipat sombong utawi gumedhe

Poro Jamaah Sholat Jumat ingkang minulyo,

Pitung perkawis ing nginggil wau sejatosipun namung titipan, peparing, lan pacoban saking ngerso dalem Allah SWT. Sedyo meniko saged ical wonten ing wekdal ingkang sakedhep netra menawi Allah ngersaake. Mboten wonten satunggal kawula ingkang pantes nggadahi raos gumedhe wonten ing ngarsanipun Allah Ingkang Maha Agung kang murbeing jagad.

​pramilo sangking meniko, sumanggo kita tansah njagi manah kita supados tetep andhap asor  Menawi kito nggadhahi ilmu, sumanggo dipun-amalaken kanthi ikhlas. Menawi dipun-paringi kasugihan utawi jabatan, sumangga dipun-ginakaken kagem kemaslahatan umat.

​Mugi-mugi Allah SWT tansah njagi manah kito sedoyo saking penyakit ati, utamanipun sipat takabur lan sombong, sarto nampi sedoyo amal ibadah kita.

 Amin Yaa Rabbal Alamin.

​بَارَكَ اللّٰهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.

الْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنْ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِينَ الطَّاهِرِينَ.

​أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.

​اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

​اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِينَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِينَ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ. اَللّٰهُمَّ طَهِّرْ قُلُوبَنَا مِنَ النِّفَاقِ، وَأَعْمَالَنَا مِنَ الرِّيَاءِ، وَأَلْسِنَتَنَا مِنَ الْكَذِبِ، وَأَعْيُنَنَا مِنَ الْخِيَانَةِ. اَللّٰهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ التَّوَّابِينَ وَاجْعَلْنَا مِنَ الْمُتَطَهِّرِينَ وَاجْعَلْنَا مِنْ عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ.

​رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

​عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Penyusun: Ust. Rohmanuddin (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar

Type and hit Enter to search

Close