Khutbah Jum'at, Edisi: 12 Juni 2026 - Sinten ingkang Syukur, Gesangipun badhe Makmur
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا،
Kaum muslimin jamaah shalat Jum'at ingkang tansah dipunrahmati dening Allah Ta’ala.
Mawi kalodhangan menika, sumangga kita tansah mboten kendhat sarta mboten supe ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. Inggih awit saking sih wilasa dalem ingkang tansah maringi kathah kanugrahan arupi menapa kemawon; arupi nikmat gesang, yuswa panjang, sarta nikmat dipunparingi rejeki dening Allah Ta’ala. Boten kesupen, ugi nikmat ingkang paling agung, inggih punika nikmat Islam dhalem Iman.
Menawi kanikmatan ingkang arupi kasarasan, kawaluayan, rejeki, sarta sapanunggalanipun, menika dipunparingaken dening Allah dhumateng sinten kemawon titahipun. Dados titah ingkang shalih, menapa dene titah ingkang maksiyat utawi durjana, sadaya sami dipunparingi.
Tiyang ingkang nggadhahi iman, utawi tiyang ingkang kafir, sadaya dipunparingi kanikmatan arupi kasarasan, kajembaran rejeki, sandhang, papan, sarta pangan. Sadaya kasuntakaken dening Allah Ta’ala. Ngantos dhumateng cacing ingkang ngerong wonten sajeroning siti, ugi dipunparingi rejeki dening Allah Ta’ala.
Nanging, wonten nikmat ingkang pinuji lan mligi (khusus), ingkang namung dipunparingaken dhumateng para titah ingkang nggadhahi iman. Inggih punika nikmat Islam dhalem Iman. Nikmat arupi kawula panjenengan sadaya kaparingan kersa sarta pitedah nindakaken shalat Jum’at, manembah, sarta ngibadah wonten ngarsanipun Allah Ta’ala.
Kanikmatan menika namung dipunparingaken dening Allah dhumateng titahipun ingkang dipuntresnani. Pramila, kita sadaya saged lenggah wonten ing sajeroning masjid menika, saestu amargi Allah nresnani dhumateng kawula panjenengan sadaya, insya Allahu Ta’ala.
Saking perkawis menika, para tiyang Islam ingkang taksih kersa manembah sarta nindakaken ibadah wonten ngarsanipun Allah Ta’ala—dzikir, pangaosan, sarta ngupadi kawruh agami—menika kalebet para titah ingkang dipuntresnani sarta dipunkersakaken kesaenan dening Allah.
Kosokwangsulipun, nikmat arupi waluya, sugih, saras, dalem, sandhang, papan, pangan, boga kelawan wastra, garwa kelawan putra, menika kathah makhluk ingkang dipunparingi. Senadyan titah menika awujud uget-uget, ugi dipunparingi rejeki dening Allah Ta’ala.
Nalika Allah ngatingalaken katresnanipun dhumateng manungsa, menika wonten tengeranipun, wonten sasmita sarta tandhanipun. Tengeranipun menapa? Inggih dipunparingi iman. Tengeranipun menapa? Dipunparingi Islam. Tengeranipun menapa? Dipunparingi karsa sarta pitedah nindakaken ibadah, nindakaken shalat Jum’at. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
مَنْ يُرِدْ اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِي الدِّينِ
Tegesipun: "Sinten ingkang dipunkersakaken dening Allah
dados tiyang ingkang sae, Allah badhe paring pinter dhumateng piyambakipun wonten sajeroning ngelmi agami."
Tandha kabecikaning manungsa menika nalika piyambakipun dipunparingi pinter wonten sajeroning ilmu agami, sarta dipunparingi entheng nalika nindakaken ngibadah dhumateng Allah Ta’ala. Dados, sinten kemawon manungsa ingkang dipunkersakaken kesaenan, piyambakipun mesthi kersa miyosaken (midhangetaken) pangaosan, sarta kersa nindakaken shalat Jum’at.
Kosokwangsulipun, para titah ingkang dhereng dipunkersakaken kesaenan dening Allah, badhe dipunwontenaken raos wegah (lumuh). Shalat dipunanggep mboten wigati, pados ilmu agami dipunanggep mboten wigati, ingkang dipunanggep wigati sarta utama namung pados artha (bandha donya). Menika kalebet titah ingkang mboten dipunkersakaken kesaenan kagem dhirinipun.
Pramila saking menika, para jamaah sadaya, sumangga kita tansah nyukuri dhumateng nikmat peparingipun Allah Ta’ala, ingkang njalari kita sadaya saged lenggah wonten ing masjid menika nampi sih wilasanipun Allah dhumateng kita sadaya. Allah Ta’ala dhawuh:
لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
Tegesipun: "Menehi sira gelem syukur, Ingsun bakal maringi tambah. Menawa sira kufur, pasiksan-Ku iku yekti nggegirisi."
Menawi kawula panjenengan sadaya sampun kersa ngibadah dhumateng Allah, menika minangka nikmat ingkang kedah dipunsyukuri. Alhamdulillahilladzi bini’matihi tatimmus shalihat.
Tegesipun: "Sedaya pangalembana namung konjuk wonten ngarsanipun Allah. Kanthi kanugrahan peparingipun Allah, sedaya amal shalih saged kita tindakaken kanthi sampurna."
Menawi nikmat kasebat sampun dipunsyukuri—inggih punika nikmat kersa ngibadah—Allah ngendika kadospundi? LA AZIIDANNAKUM, yekti Ingsun bakal paring tambah nikmat ingkang langkung kathah.
Siyang menika kita saged nindakaken ibadah shalat Jum'at, sumangga dipunsyukuri. “Alhamdulillah ya Allah, kawula sampun dipunparingi entheng sarta karsa nindakaken shalat Jum’at.” Allah ngendika LA AZIIDANNAKUM, Ingsun paring tambah kanikmatan; benjang saged langkung sregep anggenipun shalat Jum’at, langkung entheng anggenipun ibadah. Nanging, nalika nikmat arupi ibadah sarta kersa miyosaken pangaosan menika mboten dipunsyukuri: WALA IN KAFARTUM, menawi sira padha kufur marang nikmat peparing-Ku, mboten purun syukur dhumateng nikmat ingkang sampun Ingsun paringaken.
Kersa nindakaken shalat Jum’at nanging mboten purun syukur dhumateng Allah, kepara malah nambahi gemblung sarta kumalungkung (sombong). Umpaminipun nggadhahi penggalih: “Aku kuwi pancen wong sing paling sregep dhewe sangalam donya. Mula ya lumrah nek aku sregep shalat Jum’at.” Tiyang ingkang makaten menika minangka tuladha titah ingkang mboten purun syukur dhumateng Allah.
Wigatos dipunundhuh, bilih kita sadaya saged lenggah, saged shalat, saged miyosaken pangaosan menika namung amargi sih wilasanipun Allah dhumateng kita sadaya. Menawi mboten dipunsyukuri nikmat kasebat, INNA ADZAABI LASYADIID, "pasiksan-Ku iku yekti nggegirisi, ngedap-edapi, sarta medeni."
Pramila para sedherek sadaya jamaah shalat Jum’at ingkang
dipunrahmati dening Allah Ta’ala. Imam Ibnu Rajab Al-Hanbali paring dhawuh wonten sajeroning kitab Latha’iful Ma’arif, bilih tandha amal ibadah ingkang ikhlas menika mboten ngasilaken, mboten njalari, sarta mboten nglairaken kejawi amal shalih sanesipun.
Kita saged nindakaken shalat Jum’at sumangga dipunsyukuri: “Alhamdulillah ya Allah, kawula saged shalat Jum’at. Menika karana karsa Paduka, awit saking hidayah sarta pitedah Paduka, ya Allah, kawula saged shalat Jum’at.”
Dipunsyukuri supados benjang langkung sregep. Menawi dinten menika shalat Jum’at, benjang dipuntambah shalat rawatib sarta dipuntambah dzikir. Menika tambahan nikmat saking Allah Ta’ala.
Nanging, menawi bibar shalat Jum’at mangke lajeng nindakaken lampah memaling (nyolong) pelem, mbokbilih shalat Jum’atipun mboten ikhlas. Amargi shalat Jum’atipun sarta lenggahipun wonten masjid kala wau mboten dipunsyukuri, satemah kanikmatan ibadahipun dipunjabut dening Allah. Sapunika shalat Jum’at, nanging mboten gadhah raos ajrih dhumateng Allah, benjang gentos memaling pelem, na'udzubillahi min dzalik.
Benjang dinten Jum’at ingkang badhe dhateng, nalika badhe shalat Jum’at ngrasa lemes, ngrasa ngantuk, sarta nggadhahi penggalih: “Kepenak sare (turu) wae iki.” Lha, menika tegesipun nikmatipun ibadah sampun dipuncabut dening Allah Ta’ala. Menawi kita sampun ngraosaken tandha-tandha males makaten, sumangga enggal-enggal dipundandosi sarta dipunleresaken.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ ليْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ يغفرلكم إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
اَلْحَمْدُ لِلهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ! اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِي الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِي الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِي الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِي الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ اَللَّهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِي سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَنَجَاةً مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.
اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ.
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

0 Komentar