Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at, Edisi: 5 Juni 2026 - Sekawan Macem Golongan Menungso
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ؛ اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Khutbah Sepisan:
Jamaah Jumat ingkang Minulyo.
Wonten ing kalodhangan wekdal ingkang kebak ing kanugrahan puniko, panjenengan sedoyo kulo dhereaken sami-sami Mindhàaken raos taqwo kito dhumateng ngarso dalem Allah SWT, mboten kirang ugi, sumonggo sesarengan kerso sami niti-niti sarto mawas dhiri, amriksani kawontenan salebeting batin utawi manah kito piyambak-piyambak, amargi sejatining batin puniko nggadhahi pangaribowo ingkang agung sanget dhumateng sedoyo tindak-tanduk lair kita, kawontenan batin puniko sipatipun linangkung umum, mboten mbedakaken antawisipun poro pangerso projo menopo dene kawulo alit, mboten mawang menteri dalah kuli.
Mugi-mugi Allah SWT tansah nurunaken pituduh ingkang leres dhumateng kulo lan panjenengan sedoyo. Amin.
Jamaah Jumat ingkang Minulyo.
Lajeng, kadospundi caranipun kito saged nggulowentah batin kito, supados saged paring pitedah ingkang sae dhateng kahanan lahir kito, menggah saged dipun trapaken wonten ing lelampahan saben dintenipun!
Panjenenganipun Sulthonul Auliya' Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani ambeberaken bilih kawontenananipun batin manungso puniko, pinilah wonten ing tigang papan, enggih puniko wonten ing manah ateges wonten ing (ati), wonten ting lisan ateges wonten ing (wicoro), sarto wonten ing karyo ateges wonten ing (tindak-tanduk).
sayogyanipun, manah puniko kedah tansah gesang mobah-mosik ing sakjroning kabecikan, lajeng kondisi lisan kedah pasif utawi kèndel saking wicoro ingkang muspro, lan rogo kedah tansah tumandang kagem netepi makaryo ingdalem ngasilaken amal ingkang utamo.
wonten setunggal wasiat ingkang luhur sangking Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani, ingkang dipunnukil dening Syaikh Nawawi Al-Bantani wonten salebeting kitab Noshoihul Ibad. Syaikh Abdul Qadir al-Jailani dhawuh bilih sejatining manungso puniko kabagi dados sekawan tingkatan utawi sekawan macem, ing antawisipun inggih puniko:
Kaping Sepindah :
رَجُلٌ لاَ لِسَانَ لَهُ وَلاَ قَلْبٌ وَهُوَ الْعَاصِي الْغَبِيِّ
Inggih puniko péranganipun manungso ingkang sepi saking lisan kang prayogo dalah sepi ing pepadhang, tegesè yoiku wong sing rusak laire yo rusak batine.
tiyang ingkang gadhah patrap kados makaten puniko kalebet golonganipun ahlunnar utawi pandhudhuk neroko.
Kaping Kalih :
رَجُلٌ لَهُ لِسَانٌ بِلاَ قَلْبٍ فَيَنْطِقُ بِالْحِكْمَةِ وَلاَيَعْمَلُ بِهَا يَدْعُو النَّاسَ إِلَى اللهِ تَعَالَى وَهُوَ يَفِرُ مِنْهُ
Nggih puniko golonganipun manungso ingkang gadhah lisan nanging mboten gadhah ati, saged micoro sarto ngajak dhumateng laku utamo, ananging piyambakipun dewe mboten kerso nglampahi, malah asring nebihi saking dhawuh-dhawuh dalem Allah SWT, kaping tigo :
Inggih punika golongan ingkang gadhah ati ananging mboten gadhah lisan utawi mboten kathah wicoro.
tyang kasebat kalebet tiyang-tiyang ingkang dipun rahasiake sarto dipun singit dening Allah SWT saking khalayak umum ateges.
Allah SWT piyambak ingkang njagi paningalipun saenggo mboten kapencut kaliyan gebyaring kadonyan.
Golongan puniko kalebet golonganèpun kekasihipun Allah (Waliyyin Min Auliyaillah), ingkang telenging manahipun kebak nur utawi cahyo rububiyah. Saenggo, golongan puniko pirso dhumateng dampak utawi beboyo bilih kempal kaliyan manungso ingkang kathah wicoro tanpo wonten gunanipun, kaping Sekawan :
رَجُلٌ تَعَلَّمَ وَعَمِلَ بِعِلْمِهِ وَهُوَ الْعَالِمُ بِاللهِ تعالى وَآيَاتِهِ اسْتَوْدَعَ اللهُ قَلْبَهُ غَرَائِبَ عِلْمِهِ وَشَرَحَ صَدْرَهُ لِقَبُوْلِ الْعُلُوْمِ
Nggih puniko poro manungso ingkang kerso nggegulang ngelmu ateges (sinau), kerso nularaken ngelmu ateges (mulang), lan kerso ngamalaken ngelmune.
Tiyang-tiyang ingkang makaten puniko tiyang ingkang sampun pirso dhateng kaagungan dalah kamulyanipun Allah SWT.
Piyambakipun masrahaken sedyo ngilmunipu dhumateng Allah Ta'ala, saenggo Gusti Allah kerso njembaraken manahipun kagem nampi titipan ngilmu-ngilmu luhur ingkang dereng dipun mangertosi dening manungsa limrah.
Tiyang ingkang mekaten kalebet tiyang ingkang sampun nggayuh tataran maqom makrifatullah.
Jamaah Jumat ingkang Minulyo
Makaten sekawan macem golongan manungso ingkang sampun kabagi dening Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani. Wondene dhawuhipun Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani Mugio saged dados pepadhang sarto panyurung lan panyuluh wonten manah kito sedoyo.
Saking katerangan kasebat, sumonggo sesarengan kito sami niti-niti dalah mawas batin kito piyambak-piyambak, kito puniko sejatine kalebet wonten ing golongan ingkang kados pundi!
Ampun ngantos kito duwawah wonten ing golonganipun tiyang ingkang awon, amargi nggadhahi panyangko olo utawi (su'udzon) dhateng sesami puniko, kalebet utawi kagolong kawontenan batin ingkang saged mrosotaken tataran drajad kito wonten ngarsanipun Allah.
Jamaah Jumat ingkang Minulyo.
Mugi-mugi, sakedhik ingkang saged kito aturaken meniko, mboten namung dados pangandikan ing lathi, nanging saged dados pepadhang wonten ing manah, sarto pituduh dhateng kesaenan ing gesang kito sedoyo.
Mugi Allah SWT tansah ngrekso laku jangkah kito lan nglebetaken kito sedoyo wonten ing golonganipun poro kawulo ngkang sholeh, lan pinuji, ingkang pikantuk ridho nipun, minaddunya hattal Akhiroh. Amin ya rabbal 'alamin.
Khotbah Kapindo:
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ؛ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَّ بَعْدَهُ؛ اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛
فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ؛
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ؛
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ؛ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا؛
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ؛
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ؛
اَللّٰهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِى الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَالْمَوْتِ اَللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَنَجَاةً مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَالْحِسَابِ؛
اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ, مِنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً, إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ؛
عِبَادَاللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ؛
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar