Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at, Edisi: 26 Juni 2026 - Mawas Dhiri ing Wulan Muharrom
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ، وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ. أَمَّا بَعْدُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. اِتَّقُوْ اللهَ، وَاعْمَلُوا الصَّالِحَاتِ وَاجْتَنِبُوا الْمُنْكَرَاتِ وَاذْكُرُوا اللهَ فِي أَيَّامٍ مَعْلُوْمَتٍ وَاشْكُرُوْا لِلّٰهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى : اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ ذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةًۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ
Poro hadirin jamaah khutbah Jumat ingkang Minulyo
Mangga kita sesarengan tansah mindhakaken ketakwaan kito dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuh-Dhawuh-Ipun saha nebihi sedaya awisan-Ipun.
Mugi Allah paring pitedah dateng kito sedoyo saenggo kito dados kawulo-kawula Nipun ingkang tansah lumaku netepi kesaenan lan pikantuk ridhonipun Allah Swt.
Poro hadirin jamaah khutbah Jumat ingkang Minulyo
Saben wontenipun gumantosing wekdal, sanyatanipun tansah nyimpen piwulang sarta teges ingkang miwah lemet, mboten namung winates owah-Gingsiring angka wonten ing tanggalan.
Wonten saperangan jalma manungsa ingkang mastani taun énggal minangka kalodhangan kangge noto sedyo gegayuhan, utawi nyampurnakaken sedya ingkang dèrèng saged kalaksanan.
Wonten ing tatanan tradisi Islam, gumantosing taun menika gadhah raos ingkang langkung rumesep dhumateng penggalih,
Taun Énggal Hijriah dipunwiwiti saking wulan Muharram, setunggaling wulan ingkang ngajak manungsa supados kendel sawatawis, mawas dhiri mriksani lampahing gadhah gesang, nuli nyuwun pirsa dhumateng dhiri pribadi: sampun sepinten anggen kita saged dados langkung sae?
Imam Al-Ghazali wonten ing kitab Ihya’ Ulumiddin, paring piwulang ingkang prasaja nanging agung tegesipun.
Miturut pamanggih panjenenganipun, wulan Muharram menika minangka wiwitaning taun. Pramila, prayogi sanget bilih wiwitaning taun menika dipun ayai kanthi nindakaken kasaenan, supados berkahipun saged sumambrah sarto nuntun lampahing wulan-wulan salajengipun.
Mmiturut Imam Al-Ghazali, wekdal menika mboten namung reroncenaning dinten ingkang dhateng sarta kesah. Wekdal menika minangka amanah. Saben wiwitan menika minangka pintu ingkang nemtokaken jangkah salajengipun.
Kados dene setunggaling wewangunan ingkang mbetahaken tetandhesan (pondasi) ingkang kiyat supados saged jumeneng dangu, lampahing wekdal setahun ugi mbetahaken wiwitan ingkang sae.
Poro hadirin jamaah khutbah Jumat ingkang Minulyo
Sajatosipun niyat ingkang sae wonten ing wiwitaning lampah menika katingal sepele, nanging saged dados kiblat ingkang nemtokaken.
Amrih saking menika, wulan Muharram mboten namung babagan gumantosing tanggalan, nanging kalodhangan kanggé ndandosi manah, nglempengaken niyat, sarta ngenyam malih sesambungan dhumateng Gusti Allah miwah sesamining manungsa.
Wonten ing agami Islam, wulan Muharram kalebet setunggaling wulan ingkang dipunmulyaaken utawi dipunsebat kanthi istilah Asyhurul Hurum (wulan-Wulan haram).
Allah sampun nembrakaken bilih gunggunging wulan wonten ing setahun menika wonten kalih welas, lan ing antawisipun wonten sekawan wulan ingkang gadhah drajat sarta kalenggihan mligi, inggih menika: Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram, sarta Rajab.
Wonten ing setunggaling hadis, Rasulullah SAW nate ngendika:
إِنَّ الزَّمَانَ قَدِ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ اللَّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ، السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ: ثَلَاثٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ، وَرَجَبُ مُضَرَ
Tegesipun: "Sanyatanipun wekdal menika sampun minger malih kados dene kawontenanipun nalika dinten Allah ngripta langit sarta bumi. Setahun menika wonten kalih welas wulan.
Ing antawisipun wonten sekawan wulan ingkang dipunmulyaaken (wulan haram), inggih menika tigang wulan ingkang urut: Dzulqa’dah, Dzulhijjah, sarta Muharram; sarta wulan Rajab (ingkang dipunmangertosi minangka Rajab Mudhar)." (HR. Bukhari lan Muslim).
Para hadirin jamaah khutbah Jumat Muharram ingkang kinurmatan sarta dipunrahmati dening Allah,
Wulan-Wulan menika dados pepéngget bilih mboten sedaya wekdal gadhah pangkat ingkang sami.
Wonten titi mangsa nalika manungsa dipunajak supados langkung saged njagi dhiri, langkung ngatos-Atos anggenipun tumindak, sarta langkung tumemen anggenipun ndandosi pagesangan.
Allah SWT sampun ngendika wonten ing surah At-Taubah ayat 36:
اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ ذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةًۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ
Tegesipun: "Sanyatanipun wewaton gunggunging wulan wonten ing ngarsaning Allah iku ana rolas wulan, (kaya dene)
katetepan Allah (ing Lauh Mahfuz) nalika Panjenengane ngripta langit lan bumi, ing antarane ana patang wulan haram.
Yaiku katetepan agami kang lurus, mula aja sira kabeh nganiyaya dhiri pribadi ana ing njeroné (papat wulan iku)..."
Syekh Nawawi Al-Bantani wonten ing Tafsir Marah Labib, Jilid I, halaman 447, mertelaaken bilih wonten ing wulan-Wulan haram menika, manungsa dipunawisi nganiyaya (ndhalimi) dhumateng dhirinipun piyambak kanthi nindakaken doso sarto tumindak ingkang awon.
Piwulang menika nedahaken bilih tumindak awon menika mboten namung ngrugekaken tiyang sanes, nanging ugi ngrisak dhiri pribadi. Saben-Saben manungsa nindakaken perkawis ingkang nebihi kasaenan, sanyatanipun piyambakipun nembe mundhut perkawis ingkang aji saking dhirinipun piyambak.
Sahabat Ibnu Abbas ugi paring pamanggih bilih Miturut panjenenganipun, awisan tumindak dhalim menika mboten namung winates wonten ing sekawan wulan haram kemawon, nanging dados pepéngget supados manungsa mboten nggadhahi pakulinan nindakaken piawon salawas gesangipun.
Amargi, manahing manungsa saged kawangun saking pakulinan kasebat.
Bilih wonten tiyang ingkang kulino nyepelakaken utawi nyepele kasaenan, mangka bakal langkung awrat kanggé piyambakipun saged minger (owah).
Nanging, bilih piyambakipun ngulinaken badan nindakaken amal kasaenan, sakedhik mbaka sakedhik kasaenan menika bakal dados peranganing pakartinipun (karakter).
Pramilo, ngurip-ngurip wulan Muharram kanthi kasaenan menika mboten kedah dipunwiwiti saking perkawis ingkang ageng. Kadang kala, owah-Gingsing menika saged thukul saking perkawis prasaja ingkang asring dipunanggep sepele.
Tuladhanipun, kados dene nyuwun pangapunten dhumateng tiyang ingkang nate kita nodhi manahipun. Ngubungi kulawarga ingkang sampun dangu mboten dipunpanggoni. Mbantu tiyang ingkang nembe dawah saking karibetaning gesang.
Ngempet nepsu nalika wonten perkawis ingkang mboten sreg wonten ing manah. Sedaya menika minangka wujud kasaenan ingkang gadhah drajat ageng wonten ing ngarsaning Allah SWT.
Wonten ing setunggaling hadis, Rasulullah SAW nate ngendika:
الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ
Tegesipun: "Sejatining wong Muslim iku yaiku wong kang bisa nanggung keslametané wong-Wong Muslim liyané saka gangguan lisan lan tangané." (HR. Bukhari lan Muslim).
Para hadirin jamaah khutbah Jumat ingkang kinurmatan sarta dipunrahmati dening Allah,
Wonten ing satengahing pagesangan modern ingkang lumaku kanthi cepet menika, piwulang wulan Muharram rumaos sanget wigatosipun.
Kathah tiyang ingkang dharog utawi sibuk ngoyak panjangka sarta kadunyan, nanging supe mriksani kawontenan batinipun. Kathah ingkang kepéngin ngowahi kawontenan, nanging kesupen bilih owah-Owahan ingkang paling wiwitan menika kedah dipunwiwiti saking dhiri pribadi kito piyambak.
Wulan Muharram dhateng minangka pepéngget ingkang alus bilih manungsa mboten namung kedah ndandosi menapa ingkang katingal dening mripat (lairan), nanging ugi ngresiki menapa ingkang kasimpen wonten ing salebeting manah (batinan).
Wusananipun, Taun Énggal Hijriah menika kados dene lembaran kertas ingkang dèrèng wonten seratipun.
Saben manungsa gadhah kalodhangan kanggé nyerat cariyos ingkang bènten. Wonten ingkang ngesiki kanthi raos geduwung (getun), nanging wonten ugi ingkang milih ngesiki kanthi ndandosi dhiri.
Mboten wonten ingkang mangertosi sepinten laminipun lampahing gesang ingkang taksih tirah, nanging saben tiyang gadhah kalodhangan kanggé nemtokaken kados pundi lampah kasebat dipuntindakaken.
Perkawis menika jumbuh kaliyan dhawuh-Ipun Allah wonten ing surat Al-Baqarah ayat 218:
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالِذِيْنَ هَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۙ اُولٰۤىِٕكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَتَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ
Tegesipun: "Sanyatanipun wong-Wong kang padha iman, lan wong-Wong kang padha hijrah sarta jihad ana ing margining Allah, iku kabeh padha ngarep-Arep rahmating Allah. Lan Allah iku Maha Pangapuro sarto welas asih"
Poro hadirin jamaah khutbah Jumat ingkang Minulyo
Meniko khotbah ingkang saged aturaken mugi-mugi wonten guno lan manfaatupun dateng kulo panjenengan sami.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا . وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ آمِينَ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Penyusun: Ust. Rohmanuddin (Ketua LDNU MWC NU Margoyoso)
Editor dan Ilustrasi: Masudi, S.Hum.
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar