Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at, Edisi: 19 Juni 2026 - Kautaman Sasi Muharrom
ألْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى عِظَمِ نِعَمِهِ وَامْتِنَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ، وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، تَعْظِيمًا لِشَأْنِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، وَخَلِيلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ، وَسَلِّمَ تَسْلِيمًا كَثِيرًا. أمَّا بَعْدُ:
فَاتَّقُوا اللهَ عِبَادَ اللهِ حَقَّ التَّقْوَى. قال الله تعالى يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُوْنَ
Jamaah sholat Jumat ingkang Sinubo ing Pakurmatan,
Puji dalah syukur konjuk wonten ngarso dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring lumebering kanugrahan soho hidayah saénggo kito sedoyo saged kempal manunggal wonten ing majelis ingkang thuthuk tuwin kebak barokah puniko.
Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng pepundhen kito Panutan Agung Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam.
Salajengipun, saking nginggil mimbar puniko khotib nggadhahi wajib sinedyo ngemutaken dhiri pribadi kulo piyambak tuwin para jamaah sedoyo, sumanggo kito tansah mindhakaken raos iman saha taqwo kito dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos kanthi temen-temen nindakaken dhawuh-dhawuh-Ipun saha nebihi sedoyo awisan-awisanipun.
Jamaah sholat Jumat ingkang Sinubo ing Pakurmatan,
Wulan Muharram puniko kalebet salah satunggaling wulan saking sekawan wulan haram (ingkang dipun mulyakaken) déning Allah SWT.
Perkawis puniko sampun kasebat wonten ing Kitab Suci Al-Qur'an, ting Suroh At-Taubah ayat 36:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ
Tegesipun: "Sanyatane wilangan sasi ing ngarsane Allah iku ono rolas sasi, (sing wis katetepake) ingdalem kitabe Allah naliko nitahake langit lan bumi, ing antarane ono patang sasi kang suci.
Yoiku tatanan agomo sing bener, nuli siro ojo nganioyo awakmu dhewe ingdalem sasi sing papat iku."
Wonten ing satunggaling hadits ingkang dipun riwayataken déning Abu Hurairah r.a., Rasulullah SAW nate ngendika:
أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ، وَأَفْضَلُ الصَّلَاةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلَاةُ اللَّيْلِ
Tegesipun: "Siyam ingkang utami sasampunipun siyam Romadhon inggih puniko siyam wonten ing wulanipun Allah, nggih puniko wulan Muharram. Dene shalat ingkang paling utami sasampunipun shalat fardhu inggih puniko shalat dalu." (HR. Muslim)
Jamaah sholat Jumat ingkang Sinubo ing Pakurmatan,
Wulan Muharram ugi ngemutaken kito dhumateng lelampahan agung, inggih punika Hijrah-ipun Nabi Agung Muhammad SAW saking kutho Makkah tumuju kutho Madinah. Lelampahan hijrah puniko sanes namung mindhahaken rogo saking satunggal papan dhateng papan sanesipun, nanging ugi dados pasemon mungguhing pepadhang: mindhahaken kawontenan saking karibetan soho piningit tumuju kawontenan ingkang kebak kamulyan, mardiko, soho tumanem ing kabecikan.
Hijrah paring piwulang luhur dhumateng kito babagan
pangurbanan, pambudidoyo, soho tekad ingkang kiyat kagem nggayuh ridho dalem Allah SWT.
Minongko umat Islam, kito sedoyo dipun emutaken supados tansah nindakaken hijrah ingkang wiyar tegesipun, inggih puniko hijrah saking piawon tumuju kabecikan, saking kemaksiatan tumuju ketaatan, soho saking raos sekeca-sekecanipun piyambak (cuek) tumuju raos tepo sliro tuwin welas asih dhumateng sesami. Sumanggo wulan Muharram puniko kito dadosaken titiwanci kagem maspodoaken dhiri (refleksi diri) soho ndandani batin kita supados langkung saé wonten ngarso dalem Allah SWT.
Jamaah sholat Jumat ingkang Sinubo ing Pakurmatan,
Wonten sakathahing amalan utomo ngkang saged kito lampahi wonten ing wulan Muharram minongko sarono ngundhuh ganjaran, ing antarane:
Ingkang kapisan, nindakaken Siyam Asyuro wonten ing tanggal 10 Muharram. Amalan puniko sanget dipun anjuraken amargi nggadhahi kautaman ingkang agung. Rasulullah SAW nate ngendika:
صِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ، إِنِّي أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِي قَبْلَهُ
Tegesipun: "Siyam ing dinten Asyura, nggadhahi pangajab dhumateng Allah supados saged nglebur dosa ingkang sampun kalampahan ing taun kepengker." (HR. Muslim)
Ingkang kaping kalih, mindhakaken Amal Shalih. Boten namung siyam, kito ugi dipun dhawuhi supados ngasilaken amal shalih kados dene sedekah, dzikir, maos Al-Qur’an, soho nglampahi ibadah sanesipun kanthi tulus lan ikhlas.
Ingkang kaping tigo nilaraken soho nebihi tumindak maksiat. Wulan Muharram puniko wulan ingkang suci lan mulyo, pramilo kito kedah langkung ngatos-atos (ngati-ati) supados mboten dhumawah wonten ing duso lan tumindak dosa.
Jamaah sholat Jumat ingkang Sinubo ing Pakurmatan,,
Sumanggo kito tansah ngurip-ngurip wulan Muharram puniko kanthi raos syukur lan semangat ingkang kagem nggayuh ridha-Nipun, minongko sarono Muhasabah utawi nimbang dhiri, supados dinten punika langkung saé tinimbang dinten wingi. Perkawis punika laras kaliyan dhawuh dalem Allah SWT wonten ing Surat Al-Hasyr
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ قَدَّمتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ
Tegesipun: "He wong-wong kang podho iman, podho wedio marang Allah t'ala tegese (taqwo) lan prayogane saben wong nggatekake opo kang wes dilakoni kanggo dino sesuk tegese dino (akhirat).
Lan podho wedio marang Allah, sanyatane Allah iku Moho Waspodo marang opo kang podho siro lakoni."
Akhiripun kito nyuwun lan dedungo marang Allah t'ala Mugi-mugi kito tansah pinaringan kekiyatan lahir lan batin soho pinaringan pituduh ingkang leres saking Allah SWT kagem nglampahi wulan Muharram puniko kanthi kebak berkah, lan mugio Allah SWT ngijabahi sedoyo dongo sarto ngiyataken iman kito kagem nindakaken ibadah kanthi sampurno Aamiin ya rabbal ‘aalamiin.
بارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَر، وَأَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه، إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَر، وَاَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ اْلإِنْسِ وَالْبَشَرِ.اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَر.أَمَّا بَعْدُ:فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالىَ، وَذَرُو الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ وَمَا بَطَن، وَحَافِظُوْا عَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ.
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِه، وَثَنَّى بِمَلاَئِكَتِهِ الْــمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِه، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ، يآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلىَ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ اَلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَات، بِرَحْمَتِكَ يَا وَاهِبَ الْعَطِيَّات، اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَن، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَن، عَنْ بَلَدِنَا هَذَاخَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بَلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ، رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ عِبَادَ الله، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمِ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُاللهِ أَكْبَر

0 Komentar