Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at, Edisi: 15 Mei 2026 - Gampilaken Urusan Sesami
Khutbah Sepisan:
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَسُوْلِ اللهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ فَإِنِّى أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِيْ مُحْكَمِ كِتَابِهِ: وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ . وَقَالَ: فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah,
Wonten ing kalodhangan ingkang mulya punika, mangga kita sesarengan tansah mindhakaken ketakwaan kita dhumateng Allah SWT.
Takwa punika ingkang badhe mbedakaken drajat kemulyaanipun tiyang wonten ing ngarsanipun Allah SWT. Kados dene ingkang sampun dipun-dhawuhaken wonten ing QS Al-Hujurat ayat 13:
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللهِ أَتْقَكُمْ إِنَّ اللهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
Ingkang artosipun: "Sajatine wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh ana ing ngarsane Allah yaiku wong kang paling takwa. Saktemene Allah iku Maha Ngerteni lan Maha Waspodo"
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah,
Manungsa punika makhluk sosial ingkang mboten saged gesang piyambak. Wonten ing saben tumindak gesang, manungsa tansah mbetahaken tiyang sanes.
Amargi saking punika, kedah wonten gesang ingkang rukun kanthi tulung-tinulung lan nggampilaken urusanipun tiyang sanes.
Nalika kita saged dados pribadi ingkang sae lan paring margi gampil dhumateng pakewetipun tiyang sanes, mila Allah ugi badhe paring piwales arupi gampilipun sedaya pakewet ingkang kita adhepi wonten ing donya lan akhirat.
Kados ingkang dipun-dhawuhaken dening Rasulullah SAW wonten ing hadits riwayat Imam Muslim saking Abu Hurairah:
مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا نَفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ يَسَّرَ اللهُ عَلَيْهِ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ
Ingkang artosipun: "Sapa wonge kang nyingkirake pakewet utawa kasusahan sawijining mukmin ana ing donya, mesthi Allah bakal nyingkirake pakewete ing dina kiamat. Sapa wonge kang nggampangake urusane wong kang lagi kangelan, mesthi Allah bakal nggampangake urusane ana ing donya lan akhirat."
Pramila saking punika, mangga kita nebihi tumindak awon kanthi mbebebah utawi (mempersulit) urusanipun tiyang sanes kanthi maneka warna alesan.
Menapa malih menawi kita ngginakaken kesulitanipun tiyang sanes kagem pados keuntungan kagem dhiri pribadi, amargi tumindak kasebat nerak aturan lan syariat agami.
Mangga kita paringaken hak-hak ingkang pancen dados gadhahanipun tiyang sanes kanthi nebihi sikep remen mundhut menapa kemah ingkang sanes hak kita.
Prayoginipun, kita kedah dados tiyang ingkang saged paring mupangat dhumateng tiyang sanes, sanes malah ngginakaken tiyang sanes kagem kapentingan pribadi.
Nabi Muhammad SAW dhawuh:
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
Tegesipun: "Sae-saene manungsa yaiku wong kang bisa paring mupangat marang liyan."
Gegayutan kaliyan tulung-tinulung punika, Allah SWT sampun paring pepeling dhumateng kita supados tulung-tinulung namung wonten ing babagan kasaenan lan saged mindhakaken ketakwaan kita.
Kita dipun-larang tulung-tinulung wonten ing babagan kawonon lan kejahatan kados dene manipulasi utawa konspirasi.
Pramila, nalika wonten tiyang sanes nggadhahi kaperluan dhumateng kita, mangga dipun-bantu kanthi mboten mbebebah lan ngginakaken cara-cara ingkang sae.
Mangga kita budayakaken mbantu masalahipun tiyang sanes kanthi prinsip: "Menawi saged dipun-gampilaken, kenging menapa dipun-angèl-angèl?".
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah,
Masalah wonten ing pagesangan donya punika sunnatullah ingkang badhe dipun-adhepi saben tiyang. Masalah punika mboten kepareng mupu utawi (mematahkan) semangat gesang kita.
Allah SWT negasaken bilih Panjenenganipun mboten badhe paring beban awrat dhumateng manungsa, kajaba manungsa punika saged ngrampungaken.
Kanthi ngrampungaken masalah, kita badhe manggihi hikmah ingkang saged kita ginaaken kagem ngadhepi masa ngajeng. Mangga kita berikhtiar lan tawakkal dhumateng Allah SWT.
Allah SWT paring dhawuh wonten ing surat Al-Insyirah ayat 5-6:
فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا
Tegesipun: "Amarga saktemene sawise kangelan iku ana kemudahan, saktemene sawise kangelan iku ana kemudahan."
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah,
Mekaten khutbah singkat punika, mugi-mugi kita dipun-paringi kekiyatan kagem dados tiyang sae ingkang remen tetulung dhumateng tiyang sanes. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
Khotbah Kapindo:
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى وَأُصَلِّي وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ أُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمِ
وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيمٍ أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. اللّٰهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ الْبَرَصِ وَالْجُنُونِ وَالْجُذَامِ وَمِنْ سَيِّئِ الْأَسْقَامِ. إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

0 Komentar