Apa kang den asta dening poro Rasul marang sira kabeh, mangka pada nderekno siro kabeh lan opo-opo kang den larang tumrap sira kabeh mongko pada tinggalono siro kabeh
Wondene pendamel saged dumunung ibadah manggahipun Allah punika ugi sanged gumantung dateng sejo lan niyatipun. Artosipun niyat tumrapipun ibadah minangka ruh ingkang badhe nentokaken ibadah kolo wau, satunggaling pendamelan badhe dumunung ibadah menawi kaniyatan ibadah dateng Allah.
Dawuh dalem gusti kito kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Dawuhipun Nabi punika estunipun panjang sanget, ingkang nyariosaken tindak ipun para shahabat kala semanten nalika nderek hijrahipun Kanjeng Nabi.
Miturut lahiripun hadits puniko, para shahabat nderek hijrah niyatipun nggeh werno-werni, wonten ingkang pancen hijrah nderek dateng Allah lan Rasulipun, wonten ingkang kerana ngasilaken kadunyan, wonten ingkang kerana tiyang estri ingkang kepengin dipun nikahi, lan sanes sanesipun. Dados pendamelipun setunggal hijrah nderek jengkaripun kanjeng Nabi, nilar nagari Makkah tumuju dateng tanah Madinah, nanging niyatipun para shahabat kasunyatan macem macem kados kasebat wonten ngajeng puniko, dados kesimpulanipun:
وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى
Bilih tumrap satunggaling tiyang punika bade pikantuk miturut napa niyatipun.
Perkawis ingkang lahiripun amal dunya kemawon, sauger mboten dipun awisi dening Allah, menawi dipun niyati sae badhe nampi ganjaran saking ngarsanipun Allah, menapa malih ingkang pancen kawontenanipun arupi amal akhirat, ampun ngantos dipun slewengaken kanti niyat ingkang mboten sae, mindak kita kecelik mboten nampi piwales kanugrahan ganjaran saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Akhiripun kito nyuwun lan dedonggo dateng Allah mugi sedoyo tumindak kita, Amaliyah kito saget dumunung ibadah menggahipun Allah, sahingga gesang kita punika saged jumbuh kaliyan dawuhipun Allah Swt:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
Lan ingsun Allah ora anitahake jin lan manungsa kejaba supaya pada ngibadah ngumawula marang ngarso Ingsun.
Wusananipun mugi Allah tansah maringono pitedah lan pitulungipun dateng kita, tansah nindakaken dawuhipun lan nilar awisanipun, wusono pinaringan wilujeng dunya akhirat.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ
إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ مَصَابِيْحِ الْغُرَرِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى فِيمَا أَمَرَ وَانْتَهُوا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَزَجَرَ، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً.اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيْنَ.
اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.
0 Komentar