Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Ahlan Wasahlan ya Ramadhon
Khotbah Sepisan:
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ رَحِمَكُمُ اللهُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
Kaum muslimin jamaah Jum’at ingkang minulyo,
Wonten ing kalodhangan wulan dinten ingkang kebak barokah puniko, kulo paring Wasiat Taqwo dhumateng badan kulo piyambak lan dhumateng panjenengan sedoyo
Monggo kito samio tansah budidoyo ningkataken iman lan taqwo kito dhumateng Allah SWT kanthi sak leresipun Taqwo, tegesipun nindakaken sedoyo dhawuh-ipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun Allah Sebab, mboten wonten derajat ingkang langkung mulyo kanggé menungso kejobo dadi wong kang Taqwo. Allah ta'ala sampun paring dhawuh wonten Al-qur'an:
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Kaum muslimin jamaah Jum’at ingkang minulyo,
Mboten dangu malih kito badhe nampi tamu ingkang agung, inggih punika Wulan Suci Romadhon. Supados kito saged nampi barokah ingkang sampurno, kito mbetahaken persiapan utawi amalan sadèrèngipun wulan puniko.
Poro Ulama' sampun paring pitedah bilih Romadhon puniko kados dene panen, nanging kito mboten saged panen menawi mboten nate nandur lan nyirami.
Amalan ingkang sepisan sadèrèngipun Romadhon dumugi inggih ingkang sepisan inggih puniko :
Nyaur Utang poso Menawi kito taksih nggadhahi utang poso wonten ing tahun ingkang kepengker manggo enggal-enggal dipun saur ing siso wektdal wonten ing wulan Sya'ban puniko. Sayyidah Aisyah radhiyallahu 'anha nate dhawuh bilih piyambakipun asring nyaur utang poso nalikane wonten ing wulan Sya'ban.
Kaum muslimin jamaah Jum’at ingkang minulyo,
Amalan kaping kalih inggih puniko Tobat Nasuha lan mbersihake manah. Sadèrèngipun mlebet wulan suci, manah kito kedah resik saking penyakit ati kados dene rasa sengit, dendam, lan permusuhan kaliyan sesami.
Al-Imam Ibnu Rajab Al-Hanbali wonten kitab Lathaiful Ma’arif paring dhawuh:
"Sapa wonge sing kepingin ngrasakake nikmate ibadah ing wulan Romadhon, moko dheweke kudu ngresiki atine dhisik soko roso sengit marang sedulur muslime sakdurunge Romadhon tumeko"
Amalan kaping tigo inggih puniko Nyiapaken Ilmu. Kito kedah nyinaoni malih babagan fiqih poso, punopo ingkang mbatalaken poso, lan punapo sunnah-sunnahipun. Supados poso kito mboten muspro namung angsal luwe lan ngelak wonten ulama' ingkang paring tamsil:
"Wulan Rajab iku wulane nandur, wulan Sya'ban iku wulane nyirami tanduran, lan wulan Romadhon iku wulane panen."
Kaum muslimin jamaah Jum’at ingkang minulyo,
Milo saking puniko, manggo sisa wekdal puniko kito ginakaken kanggé gladhi dhiri kanthi nambahi sholat sunnah, maos Al-Qur'an, lan sedekah. Supados naliko Romadhon rawuh, kito sampun biyasa lan mboten keraos awrat nglampahi ibadah.
Mugi-mugi Allah SWT paring kekiyatan dhumateng kito sedaya kanggé nampi wulan Romadhon kanthi kahanan iman ingkang kiyat.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khotbah Kapindho:
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّ مْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيْمًا:
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِينَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِينَ. اَللَّهُمَّ بَلِّغْنَا رَمَضَانَ، اَللَّهُمَّ بَلِّغْنَا رَمَضَانَ، اَللَّهُمَّ بَلِّغْنَا رَمَضَانَ، وَاجْعَلْنَا فِيهِ مِنَ الْمَقْبُولِينَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

0 Komentar