Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah -
Kaum muslimin jamaah Jum'at ingkang minulyo.
Kula wasiataken dhumateng badan kulo piyambak Ian panjenengan sedaya, ayo padha tansah nambah takwa dhumateng Allah SWT kanthi saestu. Awit takwa punika dados kunci gesang rahayu, slamet wonten ing donya Ian akhirat.
Kaum muslimin jamaah Jum'at ingkang minulyo.
Sapunika kita sami gesang wonten ing mangsa udan ingkang boten kados biasanipun. Udan deres tanpa kendhat, banjir dumugi ing pundi• pundi, lemah longsor, angin ribut, Ian cuaca ekstrim sanesipun, ingkang ndadosaken kathah korban saha karusakan.
Kahanan punika mboten namung dados musibah, nanging ugi dados pepeling saking Allah SWT, supados manungsa eling Ian bali dhumateng dalan ingkang leres. Allah SWT ngendika wonten ing AI-Qur'an:
Tegesipun: Karusakan sampun katon wonten ing dharatan Ian seganten, awit saka tumindake tangan manungsa piyambak, supados Allah maringi rasa akibat saking sebagian tumindakipun, mugi-mugi manungsa sami bali dhumateng dalan ingkang leres.
Kaum muslimin jamaah Jum'at ingkang minulyo.
Banjir Ian rusaking lingkungan asring boten namung amarga faktor alam, nanging ugi amarga kelalaian manungsa. Alas dipun gundhuli tanpa tanggung jawab, kali dipun regedhi, sampah dipun buwang sembarangan, Ian alam boten dipun rawat kanthi becik.
Islam mulangaken bilih manungsa punika khalifah wonten ing bumi, ingkang kagungan tugas njaga Ian ngreksa alam, dudu ngrusak. Menawi alam rusak, manungsa piyambak ingkang badhe nampi akibatipun.
Mila, mangsa udan Ian kedadosan banjir punika kedah ndadosaken kita langkung andhap asor, langkung kathah istighfar, langkung sregep shalat, Ian langkung eling dhumateng dosa-dosa kita. Ugi kedah ndadosaken
kita langkung peduli dhumateng lingkungan Ian dhumateng sesami. Nalika banjir dumugi, kathah sedulur kita ingkang kelangan griya, banda, Ian panguripan. Islam ngajari kita supados tepa selira, tulung-tinulung, Ian gotong royong. Sapa sing mbiyantu sedulure, Allah SWT badhe mbiyantu dheweke.
Kaum muslimin jamaah Jum'at ingkang minulyo.
Mangsa cuaca ekstrim punika wekdal ingkang pas kanqqe muhasabah, ngoreksi dhiri, Ian ningkataken iman Ian amal shalih. Ayo kita tansah ndedonga, nyuwun pangayoman, Ian nyuwun supados Allah paring udan minangka rahmat, dudu udan minangka bebaya .
Mugi Allah SWT paring keselamatan dhumateng bangsa kita, njauhaken saking balak Ian musibah, sarta maringi kawilujengan lahir Ian batin.
Editor: Pakmas
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso

0 Komentar