Margoyoso, LDNU MWC NU Margoyoso
Khutbah Jum'at - Nggayuh Derajat Taqwa
Khotbah Sepisan:
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي بَلَّغَنَا شَهْرَ رَمَضَانَ، وَفَتَحَ فِيْهِ أَبْوَابَ الْجِنَانِ، وَغَلَّقَ أَبْوَابَ النِّيْرَانِ، وَصَفَّدَ فِيْهِ مَرَدَةَ الشَّيَاطِيْنِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ:
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ،أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Ma’syirol muslimin hadirin Rahimakumullah
Monggo kito sami ningkatake raos taqwo lan thoat kito dateng ngerso dalem Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan rame utawi sepi, kanthi saestu tansah nindakaken dateng sedoyo dawuh-dawuhipun Allah lan nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun,
Sholawat sarto salam mugio tansah keaturaken kunjuk wonten ngerso dalem gusti kito Kanjeng rosul Muhammad, ingkang paring pitedah lan paring tupo tulodho kesaenan marang kito sedoyo,
Ma’syirol Muslimin Rahimakumullah
Sampun cetho, bilih ing saklebetipun wulan Romadhon puniko katah kesaenan-kesaenan ingkang saged dipun alap, salah setunggale amalanipun.
Miturut Al-Qur’an bilih hikmahepun siyam nggih meniko supados kito manungso langkung taqwo dateng Allah, wonten suroh Al-baqoroh Allah sampun dawuhake:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
"Hai wong-wong kang podo iman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wis denwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro kabeh, supoyo siro podo taqwo."
Ayat meniko ngimutaken dumateng kito sedoyo, bilih ibadah siyam ing saben-saben wulan Ramadan meniko, ampun ngantos dipun lampahi namung ngempet dahar lan ngunjuk kimawon, ananging kedah saged nambahi raos ajrih kito dateng Allah,
Sebab katah tiyang ingkang ngelampahi siyam meniko namung angsal ngelak lan luweh kemawon kranten mboten saget nggayuh hikmahe siyam. Kanjeng Nabi dawuh:
عَنْ أَبِي هريرة قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّي اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رُبَّ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إَّلا الْجُوْعِ وَرُبَّ قَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ قِيَامِهِ إِلَّا السَّهَر
Saking Abu Hurairah, Kanjeng Nabi dawuh, pinten-pinten tiyang poso mboten angsal ganjaran, kejobo luwe lan ngelak. Pinten-pinten tiyang sholat wengi mboten angsal ganjaran kejobo ngelilir wengi kemawon (HR An-Nasai).
Jama’ah Muslimin Rahimakumullah
Sepindah maleh, kito kedah imut bilih sejatine siyam Romadhon puniko, mboten namung ngempet ngelak lan luweh kimawon, ananging ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani. Kelawan siyam kito kedah ngelatih sabar, lan ngeker sedoyo kekarepan keenakan ingkang saged mengku doso ingkang dados kesenengane howo nafsu.
Pramilo siyam kito ampun ngantos namung ngeker lisan saking perkawis ingkang lumebet kemawon, ananging ingkang langkung penting nggih meniko, njagi lisan kito saking perkawis ingkang awon, kados guneman olo, adu-adu, rasan-rasan,goroh lan sak panunggalanipun.
Siyam Romadhon ndidik kito supados ningkataken sifat kumawulo kanti amal ibadah soho amal sosial, keranten saklebetipun wulan Ramadhan kito mboten namung siyam
kimawon, ananging ugi ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur’an, giyatipun pengaosan, mekaten ugi amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun, ingkang sedoyo wau saged kitp raosaken, saged meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Romadhon.
Poro Sederek Muslimin Rahimakumullah,
Tiyang ingkang ngelampahi siyam sejatine meniko saget dipun pada'ake, utawi sami kados tiyang ingkang berjihad, artosipun bilih tiyang mukmin ing wulan Ramadhan sejatine ngelampahi jihad kaleh, inggih puniko:
Setunggal Jihad kangge piyambake ing wekdal rino kanti nindakkaken siyam. Kaping kaleh Jihad ing wekdal dalu kanti nindakaken shalat wengi kados tarawih, tahajud. Lan sanesipun.
Pramilo, sinten kimawon ingkang saged ngelampahi jihad kaleh kasebat lan netepi sifat sabar. Insyaallah bakal dipun paringi ganjaran lan kamulyan saking ngerso dalem Allah.
Mugi-mugi kito sedoyo tansah pinaringono kekiyatan dhohiran wa bathinan saking ngerso dalem Allah Swt, sehinggo saged cancut taliwondo, ingdalem ngelampahi ibadah siyam Ramadhan puniko lan mugio ibadah siyam kito katampi wonten ngersanipun Gusti Allah.
أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا. باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ
Khutbah Kapindo:
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ.
فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ
لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Editor dan Ilustrasi: Mas
Kontributor: LDNU MWC NU Margoyoso
Tim redaksi: LTN MWC NU Margoyoso
0 Komentar